TRADISI
DANDANGAN SAKA KUDUS SING AREP PADHA KARO DUGDERAN SAKA SEMARANG
Tradisi
Dandangan asale saka Kudus. Asal mulane dandangan dimulai saka jaman Wali Songo
utawa jaman Raden Ja’far utawa lewih dikenal Sunan Kudus. Pas wektu kuwi arep
Ramadhan ing sekitare Masjid utawa Menara Sunan Kudus para pedagang
kumpul-kumpul njajake dagangane. Nurut tokoh utawa para ulama tradisi dandangan
nduweni asal usul sing sebenere. Konon ceritane ing jaman mbiyen sekitare tahun
450-an masyarakat Kuduskumpul-kumpul ana ing ngarep Menara Masjid “Al Aqsha”
sing saiki wis popular karo sebutan Masjid “Menara” Kudus, nunggu pengumuman
awal poso Ramadhan saka Syeikh Dja’far Sodiq (sing wis dikenal karo sebutan
Sunan Kudus). Sawise keputusan awal poso kuwi disampekake karo Kanjeng Sunan
Kudus, bar kuwi dithuthuk beduk ing Masjid Menara Kudus, “dang-dang-dang”, kaya
ngono kuwi munine. Saka swara beduk kuwi, metu istilah dandangan tradisi kota
Kudus. Ana maneh sing nduweni pendapat nurute kanca sing asale saka Kudus yen
tradisi dandangan awale kanggo ngrungokake swara bedug ing masjid menara Kudus
sing konon ceritane bisa muni dewe tanpa dithuthuk. Tradisi dandangan saiki
dimulai 15 duna sakdurunge bulan Ramadhan teka lan puncake sedina sakdurunge
poso.
Panggonane
dandangan ing sekitare menara Kudus sampek alun-alun simpang pitu ning ..sampek
pasas jember. Ing sekitarane kana, yen wis mulai wengi ana pedagang-pedagang
sing njajakake dagangane. Dandangan dimulai saka jam 16.30-17.00, ing jam kuwi wong-wong
wis pada mulai teka. Ora mung wong Kudus sing teka ing dandangan, nanging
wong-wong luar Kudus kaya Demak, Jepara, Pati, lan Grobogan. Wong-wong sing
luar Kudus kuwi pada pengen ngerti tradisi dandangan kuwi kaya piye, mergane
dandangan ana ing Kudus rame banget sampek dalane ing sekitar masjid menara
kudus macet. Ya ora mungkiri yen dalane macet, para warga Kudus lan sekitare
pada antusias ngrayakake tradisi dandangan sing wis dadi adate Kudus.
Ing
njerone dandangan kuwi sing pada adol maneka warna. Saka pangan, assesoris,
sampe sandangan ana ing kana. Yen panganan sing kas ana ing dandangan biasane
arum manis, pancen kuwi panganane cah cilik, nanging kadang sing wis
gedhe-gedhe ya doyan panganan kuwi. Panganan sing awit mbiyen ana ing dandangan
samapek saiki y isih wae ana. Rasane sing khas nggawe kangen mangan kuwi, soale
yen ora ana dandangan golekane panganan kuwi angel. Ora sembarang nggon ana
arum manis kaya ngono. Yen ndelok cara gawene arus manis rasane seneng, merga
apik. Sing bahan dasare saka gula kuwi dpanaske terus nunggu gulane ngembang
bar mung diubet-ubete ning kertas sing wis digulung kaya sada. Sakliyane arum
manis ana panganan sing umum ing masyarakat kaya mie ayam, bakso, tahu gimbal
lan liya-liyane. Ora ketinggalan ning kana ya ana sing adol panganan kerak
telur. Kerak telur kuwi ora asli saka Kudus nanging asli saka betawi, nanging
ya dijajake ing kana.
Ing
dandangan kuwi sakliyane adol panganan utawa sandangan ya ana dolanan-dolanan khas
dandangan. Dolanan kuwi ya anane mung yen ana dandangan. Umpaman kaya omah
setan, tong setan, sarang manuk lan liya liyane. Omah setan kuwi sarana dolanan
sing medeni nggo banget. Saka suarane wis medeni, saka kadohan ambune menyan.
Yen nduwe nyali gedhe ya mangga dha nyobao. Sing wis ngrasakake bakal ngerti
medenine ing njero omah setan. Setan dadi-dadinan sing ana ing njero omah setan
kuwi senengane nggoyak wong sing mlebu ing kana. Marakke ning ati nratap. Yen
mlebu karo kanca-kanca bakalan seru. Tikete paling 5000 sampek 7000. Tong setan
sarana dolanan sing nguji nyali banget, sing main ing tong setan kudu nduwe
nyali sing gedi. Tong setan kuwi sarana tontonan motor sing muteri kaya tong
ngono tapi nggawene saka papan sing ditata menduwur sampek kaya bentuk tong.
Saka kadohan swarane wis banter banget yaiku suara motor sing nganggo kelapot
brum. Dolanan sarang manuk kuwi saranan dolanan sing bentukane bunder gedi,
mlakune muter munggah terus mudun. Ing bunderan kuwi ana sarang-sarang sing
bentuke kaya sarang manuk terus dijenengi sarang manuk merga bentukane padha
karo sarang manuk asline. Yen numpak sarang manuk atine sir-siran merga sansoyo
suwe sansaya cepet, nanging yen wis ana ing dhuwur enak, bisa ndelok
pemandangan kota kudus. Apa meneh yen bengi-bengi ndelok lampu-lampu kota sing
padha gemerlap ing tengahing wengi. Rasane seneng lan tentrem bisa ndelok
pemandangan kaya ngono kuwi. Sakliyane sarana dolanan telu kwi isih ana akeh,
nanging sing dadi khas ya mung telu kuwi.
Sakliyane
sarana dolanan, ing tradisi dandangan ana sing adol dolanan kaya gangsing,
dolanan sing kanggo masak-masakan lan kapal-kapalan sing mlakune nganggo lilin.
Dolanan kuwi ket mbiyen ana nganti saiki. Dolanan masak-masakkan biasane digawe
saka lemah sing dibentuk dadi piranti kanggo masak-masakan. Biasane cah
cilik-cilik padha seneng tuku kaya ngono kuwi. Yen dolanan kapal-kapalan, bisa
mlaku dewe yen ing jerone kapal disumeti lilin. Dijarke bisa mlaku dewe, bisa
mandheg yen liline wis entek.
Kaya
ngono sing jenenge tradisi Dandangan ana ing Kudus. Ora beda adoh karo
tradisine Semarang. Yen Semarang arane dudu dandangan nanging dugderan, Nanging
sak padha-padhane tradisi mesthi ana bedane. Tradisi dandangan ana ing Kudus
penutup biasa wae. Yen Semarang ora mung biasa wae, nanging ana Festival warak
ngendhok sing dadi maskote kota Semarang.
Sakdurunge
bahas warak ngedhok, ing kene arep bahas asal usule tradisi dugderan ing
Semarang. Dugderan kuwi festival kango nandai mulaine ibadah poso ing bulan
Ramadhan sing diadakake ing Kota Semarang. Perayaan iki dimulai wektu masane kolonial
lan dipusatke ing daerah Simpang Lima. Perayaan dibuka karo wali kota lan
dimeriahake karo mercon lan kembang api. Dugderan dingo sarana hiburan ya
dinggo sarana dakwah Islam. Tradisi dugderan kuwi asale saka Semarang. Jeneng
dugderan kuwi asale saka dug lan der. Dug kuwi dijupug saka bedug mesjid terus
nek ditabuh ping pirang-pirang dinggo tanda tekane awal wulan Ramadhan. Yen der
asale saka swara dentuman meriam sing disulutke bareng-bareng karo tabuhan
bedug. Tradisi dugderan wis dadi semacem pesta rakyat.
Tradisi
sing umure ratusan tahun iki terus bertahan ing tengah perkembangan jaman
modern. Biasane digelar kira-kira siji sampek rong minggu sakdurunge poso
dimulai. Mergane wis suwe tradisi Dugderan iki dadi semacem pesta rakyat, kaya
tari japin, arak-arakan (karnaval) sampek tabuh bedug karo Walikota Semarang,
nanging proses ritual (pengumuman awal poso) tetep dadi puncak dugderan.
Ben
tetep mertahanke suasana sing padha jamane mbiyen dentuman meriam saiki diganti
karo swara-swara mercon utawa bleduran. Bleduran kuwi digawe saka bongkahan wit
sing dibolongi bagian tengahe kanggo ngasilake swara kaya meriam.
Anane
upacara Dug Der kuwi suwe suwe narik perhatiane masyarakat Semarang lan
sekitare. Kuwi nyebabake tekane para pedagang saka daerah-daerah liya sing
ngadol macem-macem panganan, minuman lan dolanan kanggo cah cilik-cilik sing
digawe saka lempung kayata celengan gerabah, dolanan saka bamboo (seruling lan
gansingan) lan dolanan saka kertas (Warak Ngendog).
Pelaksanaanne
dugderan saiki wis berubah, ora kaya jaman biyen maneh. Yen biyen dugderan
dipusatake ing sekitare Mesjid Kauman lan Pasar Johar saiki dipindah ana ing
mburine Mesjid Agung Jawa Tengah. Perpindahan iki tujuane dinggo nyediake lahan
kanggo para pedagang sing setiap tahune meningkat lan dinggo ngurangi macet ana
ing sekitare Mesjid Kauman lan Pasar Johar, nanging tujuane durung bisa
tercapai. Malah dadine dalane tambah semrawut lan macet ana ing ngendi-ngendi.
Durung ana solusi sing signifikan kanggo ngatasi masalah iki.
Saiki
dugderan ora mung kanggo ritual agama sing mung ngrungokake wara-wara awale
poso Ramadhan. Nanging luwih saka kuwi, dugderan saiki dadi aktifitas sosial
ekonomi. Ing sepanjang dalan anane dugderan kebak wong-wong sing pada adol
aneka dagangan, saka panganan, sandangan, dolanan lan sing liyane. Ora
ketinggalan sarana dolanan kayata tong setan, omah setan, sarang manuk lan sing
liyane. Isine dugderan ora bedo adoh kari dandangan sing ana ing Kudus. Garis
besare pancen isine pasar malem kuwi ya mung kaya ngono. Nanging masyarakat
padha antusias lan melu ngrayakake tradisi dandangan ana ing Kudus utawa
tradisi dugderan ana ing Semarang.
Wong-wong
sing padha mara ing dugderan ora maneh nduweni kepentingan kanggo nyambut
tekane wulan Ramadhan, mergane saiki pas wektu netepake wulan Ramadhan wis akeh
disiarake ana ing media. Pengunjung sing pada mara ing dugderan ora kabeh
agamane islam, merga kuwi ora maneh nduweni kepentingan langsung karo tekan
wulan Ramadhan. Akeh-akehe sing teka ing dugderan mung kanggo belanja, mlaku-mlaku
lan nikmati ramene dugderan.
Acara
panutupan dugderan seng arep di gelar mulai saka daerah Balai Kota lan berakhir
ing Masjid Agung Jawa Tengah. Acara karnaval iki dimeluni karo beragam pihak
saka Kota Semarang. Ing acara iki pengunjung bisa nyasikake Warak Ngendog.
Warak Ngendog iku kewan imajinir sing duweni awak kaya kambing sikile papat
nanging sirahe naga. Warak Ngendog ing acara iki digawe saka kertas warna warni. Warak Ngendok
dipikul kira-kira wong loro sampek wong papat tergantung gedhe cilice warak
sing digawe.Warak Ngendok sing wis dipikul terus di arak sesuai karo dalan sing
wis disepakati.
Ora
mung kuwi, acara iki dimeriahake karo pawai kembang manggar. Kembang manggar
kuwi sebutan kanggo kembang klapa. Ing jogja manggar kuwi dimanfaatke kanggo
bahan pembuatan gudeg, gudeg kuwi jenengge gudeg manggar. Nanging aja
dibayangke yen kembang manggar ing acara iki kanggo gudeg jogja. Kembang
manggar sing dimaksud ing acara iki, digawe saka kertas warna warni terus diubet
ubetke ing sada sampe dadine kaya manggar asli.
Mangkana
tradisi dandangan ing Kudus sing arep padha karo tradisi dugderan ing Semarang.
Bedane ana ing pembukan lan penutupe acara masing masing. Yen dandangan ana ing
Kudus kuwi pembukaan lan penutupe biasa wae. Nanging yen ning Semarang
Pembukaane wae wis meriah banget. Saka Walikota sampek staf stafe melu turun
tangan kanggo meriahe acara kuwi. Ora mung kalangan pejabat sing turun tangan
nanging pihak Walikota gawe acara gedhen sing dimeriahe sampek 16 kecamatan
sing ana ing Semarang. Dimeluni saka SD, MI, SMP, MTS, se-UPTD. Ing njerone
acara isine macem-macem budaya. Sampe penutupe dugderan Walikota turun tangan,
acarane ora mung biasa.Penutupan acara dugderan ora semeriah pembukaane. Dalan-dalan
ditutup kanggo nglacarake acara prosesi pembukaan lan penutupan acara dugderan.
Wong-wong sing kerjo kantoran ana ing Balaikota, ora diintokke parkir sembarang,
ben ora ngganggu dalan sing arep dilewati kanggo arak-arakan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar