Sembako larang, masarakat ngeluh
Indonesia,
Negara kang gedhe lan masyarakate iya akeh mula sandhang pangan ing negara
Indonesia kuwi bisa digunem kurang pangan. Padahal Indonesia kuwi kalebu Negara
kang nduweni lemah kang subur, sing bisa ditanduri apa bae bakal urip mula
Indonesia nduwe tanduran apa bae, nduwe penambangan emas lan sapanunggale,
nanging Indonesia ora bisa ngolahe dadi kabeh hasil mau didol menyang luar
nagari tapi sawise didol diolah ing kana, Indonesia melu nukuni hasil mau. Bab
iki sing gawe rega larang, mula njupuk sing luar nagari. Iki mau sing ndadekake
masarakat ngeluh. Ing ndonesia uga mayoritas
agama islam nanging Indonesia dudu
Negara Islam, islam iku Rahmatan lil alamin yaiku agama kang ngei rahmat kanggo
kabeh umate, ing islam iku ngenal wulan, salah sawijine yaiku wulan Ramadhan.
Ing wulan Ramadhan iki wulan sing ditunggu-tunggu umat
islam sebab ing wulan.
Ramadhan
kang akeh berkah lan kanggo nambah rejeki sabab wong kang ora biasa dodolan,
dadi dodolan. Dodolan kuwi kayata es klapa, es campur lan takjil kanggo buka
puasa. Ramdhan kuwi wulan kang akeh berkah banget. Wong dodolan kang biasane
ora payu dadi payu. Ing wulan Ramadhan uga ana panganan kang ora biasa ana ing
wulan-wulan biasa kayata kolak, surabi lan sapanunggale. Kabeh panganan mau
kayata kolak lan surabi iku bahane saka gula jawa, klapa, tela lan
sapanunggale. Bahan-bahan iku ndadak mundhak ing wulan Ramadhan merga ing wulan
Ramadhan iku panganan kolak, surabi iku akeh sing digolekki kanggo buka puasa.
Panganan
kolak uga digolekki merga kolak iku nganggo bahan dhasar gula jawa, merga suwe
nahan mangan iku paling apik mangan sing manis-manis, merga nek langsung mangan
sing ngandung karbohidrat akeh kayata sega iku wetenge ora bakal narima, iku
sing nyebabake maag mula kolak akeh digolekki ing wayah wulan Ramadhan. Kolak iku bahan dasare saka gula jawa merga
gula jawa larang ing wayah wulan Ramadhan. Mroduksi tetep nanging kebutuhan
akeh mula iki sing ndadekake gula jawa larang ing wayah wulan Ramadhan.
Ora mung
gula jawa bae sing larang, nanging ya sirup lan korma uga melu larang merga ing
wulan Ramadhan iku akeh wong kang tuku sirup kanggo buka, kanggo nggawe es
utawa sing anget lan biasane ana sirup uga ana korma kanggo buka puasa. Korma
uga larang ing wulan Ramadhan merga akeh masarakat sing nggolekki korma kuwi. Gula jawa kuwi biyene Rp.12.000,00 saiki
mundhak dadi Rp.14.000,00. Iki mundhak akeh banget merga gula jawa iku ing
wayah Ramadhan dibutuhake banget.
Beras
iki panganan pokok kang kudu ana ing omah, ora ing wayah puasa tok beras
dibutuhake, nanging iya ing wulan biasa dibutuhaken merga beras iku panganan
pokok kang kudu lan wajib ana, selarang-larange beras iya mesthi wong nuku
beras. Beras iyen Rp.8.000,00 saiki iya
mundhak Rp.10.000,00.
Beras
ketan lan klapa uga larang, merga ing wulan Ramadhan utawa arep lebaran kuwi
akeh wong kang gawe lepet, biasane bahan dhasare kuwi beras ketan lan klapa
kanggo nggawe lepet kuwi. Mula beras ketan lan klapa larang ing wayah arep
lebaran lan wulan Ramadhan.
Gula pasir
uga melu larang merga ing wayah Ramadhan iki akeh wong kang medang, ing wektu
buka puasa iku wedang kanggo pambuka utawi kanggo anget-anget weteng, lan ing
weku saur, wedang kuwi kanggo kuat-kuat nalika esuke puasa. Gula pasir uga
biasane kanggo ater-ater marang wongtua ing wayah Lebaran. Gula pasir biyen
Rp.10.000,00 saiki mundhak dadi Rp.12.500,00 iki uga mundhak akeh merga wong
ing wulan biasa bae medang terus apa maning ing wayah wulan Ramadhan iki.
Panganan
sing mateng ana ing warung uga larang merga ing wayah wulan puasa iku akeh wong
sing sungkan masak, iku kesempatan kanggo wong dodol kanggo golek kauntungan,
mula ing wayah Ramadhan iki akeh wong sing oleh kauntungan akeh saka wulan
Ramadhn iki, wulan Ramadhan iki kebak berkah lan pahalane uga dilipatgandakan
Gusti Allah kang maha Agung.
Es buah
ing wayah puasa iki iya larang, sing mesthine olih akeh iya dadi sacuil merga
iya alesane wulan Ramadhan serba larang kabeh. Buah ing wayah Ramadhan lan arep
Lebaran iya mundhak regane merga ing wayah Lebaran akeh wong kang nyuguhake
buah. Ing pasaran uga buah wis mundhak merga stok ing gudhange ora ana utawa
bakul buah iku sing ngundhakake rega dhewe. Iya Ramadhan kebak berkah nanging
iya akeh sing nyalahgunakake, contohe buah kang mesthine ora mundhak dadi
mundhak merga liya-liyane pada mundhak. Iki sing ndadekake ora apik lan gawe
wulan Ramadhan kuwi ora berkah.
Bawang
abang utawa bumbu-bumbu liyane melu larang merga ing wayah Ramadhan iki akeh
wong kang masak dadi stok ing gudhange kuwi kurang kanggo menuhi kebutuhane
masarakat ing wulan Ramadhan iki. Bawang abang kang kudu ana ing masakan iki
banget dibutuhake merga tiap masak kudu ana bawang abang, bawang abang biyen
rega Rp.20.000,00 saiki mundhak dadi Rp.40.000,00. Bawang abang iki mundhak
paling akeh merga bawang abang iki wajib ana ing masakan, nalika ora ana bawang
abang masakan iku dadi ora enak lan bawang abang kuwi uga nandure angel gampang
kena hama mula bawang abang iki larang. Ing wulan Ramadhan iku akeh wong masak
mula bawang abang dibutuhake banget.
Bawang
putih uga ing wayah Ramadhan uga larang merga ing wulan Ramadhan iku bwang
putih digunakake banget kaya dene bawang merah nanging bawang putih nek nganggo
kuwi ora patia akeh dadi ora patia dibutuhake banget kaya Bawang putih. Bawang putih
biyen regang Rp.16.000,00 saiki mundhak dadi Rp.20.000,00 bawang putih iki ora
patia mundhak banget.
Lombok
iki kebutuhan kang kudu ana ing sajrone masakan, kaya dene bawang merah,
nanging lombok iki dibutuhake kanggo wong sing seneng pedes, nanging rata-rata
kabeh masakan dikei lombok. Lombok biyen regane Rp.10.000,00 saiki mundhak
Rp.15.000,00 iki mundhak banget merga lombok iku kebutuhan kang kudu ana
sajrone masakan.
Sayur-sayuran
iki ora patia mundhak merga sayur-sayuran stoke esih akeh lan uga ora gampang
ntek stoke merga akeh wong kang nandur sayur-sayuran ing karangane dhewe.
Sauyr-sayuran uga ora larang-larang banget ora kaya bawang putih lan bawang
abang sing regane larang banget.
Ayam uga
mundhak merga ayam kuwi panganan sing vitamine akeh, merga ing wulan Ramadhan
kuwi akeh wong kang nuku ayam, mula regane ayam mundhak akeh, ora kaya
sedurunge wulan Ramadhan.
Sembako
iki luwih-luwih kang mundhak paling akeh merga iki sing paling dibutuhake
masarakat umum, minyak goreng iki isih ajeng nanging mengko arep lebaran iya
mesthi mundhak, sembako liya-liyane wis pada mundhak kabeh, iki sing gawe
masarakat ngeluh, masarakat njerit merga kanggo masarakat sembako kuwi paling
penting, kudu ana ing sajrone umah kudu ana kanggo masak sedina-dinane. Sembako
kuwi mundhak merga wis cedhak karo lebran, merga ing wulan puasa wae wis
mundhak apa maning ing lebaran mengko mesthi luwih mundhak maneh. Sembako
kayata endok iku uga mundhak banget merga ing wulan puasa iki mesthi akeh wong
kang buka puasa utawa pas saur akeh sing nganggo endok kuwi.
Ing
keadaan iki sing nggawe masarakat ngeluh masarakat njerit, masarakat nangis
merga kerja utawa pendapatan iku isih tetep nanging pengeluaran akeh, sembako
lan liya-liyane serba larang kabeh. Beras wae sing dadi panganan pokok wae
mundhak apa maneh liya-liyane, mesthine iya mundhak. Masarakat pada ngeluh,
masarakat kepengen sembako kuwi mudun kaya biasane aja malah kaya iki, ing
wulan puasa wae wis mundhak apa maning mengko yen wis cedhak karo lebaran
mesthi mundhak. Masarakat berharap marang pamarentah, sembako mudun kaya
biasane wong pendapatan wae isih ajeg nanging kok malah sembako lan bahan
liya-liyane padha mundhak. Masarakat kepengen sembako mudun nanging tetep
tentrem ora ana masalah apa-apa nalika sembako mundhak. Kudune pamarentah
nduweni kebijakan marang wong kang dodolan.
Salah
sawijining babagan kang nggawe sembako larang kuwi yaiku bahan bakar utawa
bensin, utawa solar iki babagan kang nggawe sembako larang. Kendaraan kang
kanggo nggawani sembako mau sing ndadekake sembako utawa sayur-sayuran larang
merga masarakat kepengen pamarentah bisa ngolah minyak bumi dhewe dadi ora
perlu impor saka luar nagari. Menawi impor saka luar nagari lan diolah ing luar
nagari mengko menyang Indonesia larang. Mula kepengene masarakat diolah dhewe
ing Indonesia ben minyak bumi murah lan ora ana eek maring ekonomi ing
Indonesia. Dadi ing Indonesia bisa luwih tentrem lan bakal ayem yen ekonomi ing
Indonesia stabil.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar