1. Alesan
milih bab iki sabab bab iki kalebu tembang jawa utawa geguritan tradisional
jawa lan bab iki uga ana ing jurusan basa jawa. Gambuh iku salah sawijining
tembang kang isine ngandhut bab ajaran marang bocah nom. Gambuh iki mbahas
kepriye carane hubungan karo antar manungsa.
Gambuh
iku kecocokan lan sikap kang
wicaksana. Sikap kang wicaksana kuwi sing bisa nempatna apa-apa sing pas karo
porsine utawa adil. Nasehat kang menehi wigatine sesambungan karo manungsa merga
manungsa kuwi mahluk sosial sing ora bisa urip dewekan. Iki sing digambarna
tembang gambuh iki.
2. Tema ing bab iki yaiku tembang kang ngandhut bab
sesambungan karo manungsa
Gambuh
iki kalebu tembang jawa utawa geguritan tradisional jawa. Gambuh iku ngandhut
bab kang sesambungan karo manungsa. Ing gatrane mesti nggambarake manungsa kang
urip ing ndonya, kang nduweni sifat beda kayata sifat ing tembang gambuh iki
yaiku sifat kang wicaksana. Ing tembang gambuh ana guru lagu, guru wilangan,
lan guru gatra. Ing gambuh ana lima gatra , guru wilangan lan guru lagu iku
siji-sijia gatrane wis ana ing ngarep.
3. keluwihan lan kekurangane
Kaluwihane
ing tembang gambuh iki akeh pelajaran kang bisa dijukut kayata wong kang kudu
nduweni sifat wicakasana lan kudu sesambungan karo manungsa merga manungsa kuwi
mahluk sosial kang ora bisa urip dewekan. Kaluwihan ing buku iki yaiku materi
kang mbahas tembang lan watak ing sajrone tembang gambuh iki wis lengkap, wis
ana kabeh tentang tembang gambuh iki.
Kekurangane
ing buku yaiku mbahas bab selaine tembang gambuh iku, dadi anggone maca ora
fokus marang tembang gambuh iku dhewe. Tembang gambuh iku uga ora njlentrehake
bab kawicakasanaan sing kaya apa lan kudune manungsa kuwi kepiye anggone
sesambungan karo manungsa liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar