Jumat, 08 Januari 2016

MIRAS GAWE BUBRAH



Miras Gawe Bubrah
            Rabu, 29 April 2015 aku nganakake wawancara marang Ade (jeneng samaran). Aku wawancara Ade ngenani “Miras”. Miras kuwi minuman sing duweni kandungan etanol. Etanol yaiku bahan psioaktif lan yen kakehan ngonsumsi marakake nurunke kesadaran. Ing kabeh negara sing adol minuman keras dibatesi merga ing negara liya kuwi miras ora disalahgunakake kaya ing Indonesia. Miras sing ning luar negeri kuwi kanggo ngangetke awak nek pas musim atis. Beda karo Indonesia, yen Indonesia, miras kanggo ngilangake stres merga kakehan masalah kang wis mentok ora bisa nyelesekake. Wong Indonesia akeh sing nglampiaske masalah ning miras. Mulai saka remaja sampek wong tua. Kabeh doyang miras.
            Ade kuwi kancaku saiki kuliah ana ing salah siji universitas swasta ing Jawa Barat. Ade ket biyen SMA sampek saiki kuliah seneng ngombe sing jenenge miras. Merga mbiyen kanca-kancane seneng ngajak ngombe yen balik sekolah karo tongkrongan ana ing ngarep sekolahan. Sampek saiki kuliah malah sansaya banter ngombe mirase. Panyebabe Ade seneng ngombe miras akeh banget. Jarene yen ngombe miras kuwi awake enteng sanadyan sirahe yo ngelu nanging tetep wae dilakoni. Kanca-kancane yo seneng ngajaki Ade ngombe sampe sedina kadang ora mung sepisan. Apa meneh saiki kuliah, Ade ning kana ngontrak adoh karo wong tua. Ora ana sing ngawasi.
            Saiki Ade sansaya dugal merga ning kana bebas sak bebas bebase. Ade sering ngombe karo kanca-kancane merga tugase akeh lan angel. Ben pikirane enteng Ade nglampiaske ana ing miras. Nek wis bar ngombe miras esuke ora mangkat kuliah. Merga awake ora enak, efek sewengi mirasan karo kancane. Ade sering koyok ngono kuwi sampek kuliahe keteteran. Sering ora mlebu kuliah, tugase sering ora digawe. Tapi sing jenenge sekolah swasta kuwi gampang. Kabeh isa dituku karo duwit. Dadi Ade yo gampangke kuliah. Wong ora tahu mangkat, ora tahu garap tugas tapi nyatane nilai kuliahe yo biasa. Ora njur ancur banget. Yo merga ana duwit kuwi. Soale Ade wong duwe. Dadi apa kebutuhane Ade yo dituruti.
            Kabeh apa sing dilakokake Ade kuwi merga terpengaruh karo kanca-kancane. Kancane ora ana sing bener. Ade wonge yo yahyoh. Senenge nek dijak sing ora apik gelem-gelem wae. Ade ora duwe tameng kanggo nahan ben ora melu kancane sing ora genah. Merga ket biyen wis biasa mirasan. Dadi kanggo berubah wis angel. Dikandani yo wis ora bisa yen ora sadar dewe.
            Wong tuane ora ngerti yen Ade ning kana ora genah, kuliahe yo ora bener. Nanging sing jenenge wong tua mesti krasa apa sing dilakokake anake senadyan ora ngerti apa sing dilakokake. Ade yo nyantai ora mikiri wong tuane sing wis biayai kabeh kebutuhne lan sakkuliahe. Sing dipikir mug senenge karo kanca-kancane. Kahanane Ade wis bubrah ora bisa dikontrol meneh. Bendina mung kayak ngono kuwi sing ditindakake.
            Kancane sing ora sak kontrakan karo Ade wis sering ngandani ben ora kaya ngono terus uripe. Mesake awak lan wong tuane. Nanging Ade ora nggagas nadyan kancane wis ngandani. Durung bisa mikir kedepane akibate kayak piye. Sing dipikir saiki mung seneng lan seneng. Wong tua sing duwe pangarep arep marang anak sing kuliah kuwi bisa dadi bocah genah terus bisa ngangkat derajate wong tua.
            Akibate wong sing seneng ngombe miras kuwi bisa dirasakake ora suwi let pirang menit wis ana rasane. Nanging rasane beda-beda tergantung akeh sitike kadar alkohole. Yen sitik bisa gawe rasa tenang lan gampang ngespreksike rasa emosi, sedih, lan ngamuk. Terus nek kadar alkohole akeh njur dikonsumsi luweh saka batesan, kuwi bakal ngrasa bebas tanpa ana rasa beban, luwih gampang emosi lan ngamuk. Fisike sing muncul, ngomong ora cetha, pandangane dadi burem, sempoyongan ora jejek pas mlaku, ora sadar. Daya ingate lan pusat perhatiane dadi ora genah karepe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar