Cerita Cekak
ORA KAYA
APA SING TAK KAREPKE
Dening : Devy Widiyaningsih
Nalika wayah sore srengenge katon kuning
samar-samar. Bapak, ibu, adhek padha lelungguhan ana ing emperan omah karo
cerita-cerita kahanan jaman biyen. Bapak karo ibu sing kerja nganthi sore
mesthi nglegakake kumpul karo anak-anake kanggo nambahi harmonise ing keluarga.
Aku sing kuliah ana adoh ora bisa saben dina kumpul karo bapak, ibu lan adhek.
Sanajan wis kangen banget mentoke video call lewat hp. Ngono wae aku wis seneng
bisa ngomong karo bapak, ibu lan adhik merga lewat video call bisa ndelok
wajahe barang. Kahanan kaya ngene kudu tak trima, adoh saka wong tuwa, apa-apa
kudu dhewe. Sing penting bisa jaga awak lan ora ngecewake wong tuwa. Wong tuwa
wis ngragati nganthi ketekuk ringkel, kabeh dilakoni kanggo anak. Anake kudu
ngerteni lan ojo nganthi kurang ajar karo wong tuwa.
“Assalamualaikum ibu. Ibu pripun
kabare?” aku telpon ibu lewat video call.
“Walaikumsalam, dhek. Ibu apik kabare.
Adhek piye?” ibu karo ndeleng wajahku ning hp.
“Adhek inggih sae, ibu. Ibu, adhek
kangen kalih bapak, ibu lan dhek keke. Adhek kepingin wangsul Semarang.” Aku
ndeleng wajahe ibu karo brambang.
“Yo wangsul to dhek, yen kuliahe ora
sibuk lan bisa ditinggal mulih sedela ing Semarang. Bapak, Ibu lan dhek keke yo
kangen karo adhek.” Saurane ibu karo ngayem-ayemi atiku.
“Inggih, bu. Minggu ngajeng kula saged
wangsul merga boten wonten tugas lan kegiatan wonten ing kampus saged
ditinggal.” Batinku pengin gage bali Semarang.
“Yowes dhek sesuk yen arep bali ngabari
ngomah wae. Kuliah sing bener, pangarepe wong tuwa muga impiamu bisa kegayuh.
Mangane dijaga, aja nganthi telat.” Pesene ibu kanggo aku.”
Sawise video callan karo ibu, aku
siap-siap mangkat kuliah. Aku kuliah ana ing Telkom Bandung. Mulih Semarang ora
mesthi sewulan pisan, merga kegiatan ing kampus padhet banget lan tugase akeh.
Dadi meh bali Semarang kadang ora sempet nganthi kangenku karo bapak, ibu lan
adhek kuwi ora bisa diukur. Bapak lan ibu bisa ngerteni yen kahananku kaya
ngene.
Seminggu arep mulih, aku nglakoni
kegiatan kaya biasane. Menyang kampus kuliah terus lanjut kegiatan sing tak
meluni. Saben dinaku padhet kegiatan kampus. Aku ora tau ngeluh merga aku
seneng nglakonine, ora dadi beban kanggoku. Sanajan aku merantau dhewekan ana
ing Bandung tanpa wong tuwa, nanging sawise aku mlebu Telkom, aku duweni
keluarga anyar saka kegiatan-kegiatan sing tak meluni. Kanca-kanca sing bisa
dijak susah lan seneng bareng. Aku ora ngrasa kesepian ing perantauanku, merga
kanca-kanca sing bisa padha ngerteni.
Akhire dina Jumat aku menyang stasiun
antri tuku tiket langsung mulih Semarang. Ing njero kereta aku sms ibu yen aku
wes perjalanan menyang Semarang.
“Assalamualaikum, bu. Kula sampun
perjalanan menyang Semarang. Mangke bapak dipunaturi kangge njemput kula ing
stasiun poncol.” Karo bayangke wajahe ibu lan mesam mesem dhewe merga wis
pengen ketemu.
Wis setengah jam sms ora dibales karo
ibu. Batinku, mungkin ibu lagi sibuk karo kerjaane. Sangertiku kerjane ibu iku
ora santai, kerjane nek ora ngadep komputer ya mondar mandir ngirim file ning
lantai dhuwur.
“Cringg..” hpku muni.
Tak delok jebul balesane ibu. Gage tak
buka hpne.
“Iya, dhek. Mengko ben dijeput bapak ing
stasiun. Kira-kira tekan Semarang jam pira?” jawabe ibu lewat sms.
“Jam 5, bu. Mangke nek ajeng tekan
stasiun, kula tak telpon bapak.” Jawabku karo tak sambi ndelok pemandangan ing
njobone sepur.
“Yowes to, dhek mengko langsung telpon
bapak wae. Menawa ibu isih ning kantor barang.” Jawabe ibu.
“Inggih, bu.” Jawabku singkat. Rada
sedhih maca smse ibu. Pengene ibu mulih gasik saka kantor nanging malah sibuk
kerja ana ing kantor.
“hufft…” napas dhawa karo mikir.
Direwngi ibu kerja nganthi kaya ngono nek ora kanggo aku, kanggo sopo? Aku ora
kena ngene. Batinku.
Sadawane perjalanan, ing njero kreta aku
ngeti njobo sing pemandangane nyegerke mata lan ati. Kesel lungguh terus tak
tinggal turu sedela, merga ngantuk sing ora bisa ditahan. Tangi-tangi jebul wis
arep tekan stasiun poncol. Gage aku njupuk hp ana ing tas terus telpon bapak.
“tut..tut..tut.. bapak, kula ajeng tekan
stasiun poncol dijemput saniki nggih, pak!” suaraku alus.
“iya, dhek. Bapak iki saka kantor tak
langsung ning stasiun. Ibu mulih rada wengi merga kerjaane ora bisa ditinggal.”
Saurane bapak karo siap-siap jemput aku.
“inggih Pak, kula tengga ing gerbang
stasiun nggih? Bapak nitih motore atos-atosl mawon boten usah kesusu.” Hpku
ujuk-ujuk tiba terus mati, durung sempet pamitan karo bapak, hpne malah tiba.
Mudun saka spur rasane seneng banget
merga wis suwi ora balek Semarang. Aku metu saka stasiun nuju pintu gerbange
stasiun merga aku mau wis ngomong karo bapak yen arep nunggu jemputane bapak
ing gerbang stasiun ben bapak ora usah parkir ana ing njero.
Wis sejam aku nunggu bapak nanging bapak
ora teka-teka anggone jemput aku. Aku weruh pakdhe suhar lewat alon-alon ing
ngarep stasiun.
“Pakdhe Suhar!” tak celuk karo swara
banter.
Pakdhe Suhar krunggu celukanku banjur
minggir marani aku.
“Kowe ning kene to nduk? Tak goleki
muter-muter jebul ning kene.” Kandane Pakdhe Suhar marang aku.
“Loh Pakdhe kok goleki aku kenging
menapa? Pakdhe kan boten ngertos yen kula balek menyang Semarang? Kula mung
ngendikan kalih ibu lan bapak. Terus kula wau sampun telpon bapak yen arep
dijemput ing stasiun. Kok malah dijemput pakdhe? Lha bapak enten pundi,
pakdhe?” Takonku nrithik marang Pakdhe.
Ulatane Pakdhe wis kaya wong bingung tak
takoni ngono. Pakdhe ora ngomong kahanane Bapak. Pakdhe mung ngomong yen “Bapak
ora bisa jemput awakmu, nduk.”
“Wis, yo ndang balek bonceng Pakdhe.
Awakmu kan yo wis kesel barang to, nduk? Perjalanan yo ora sedela.” Pakdhe
nyusu-nyusu karo nyekeli tanganku.
Ing ndalan Pakdhe ora ngomong apa-apa.
Lakune kaya ora tenang. Aku melu meneng merga aku kesel perjalanan lan nunggu
jemputane bapak sejam malah sing jemput ora bapak. Padahal wis pengen banget
ketemu karo Bapak. Rada kecewa nanging yowes ora papa. Mungkin Bapak ana acara
dadakan.
Atiku kok rasane ora enak, jane eneng
ngapa? Perjalananku nuju ngomah wis arep tekan. Pakdhe kanda karo aku “tetegna
atimu ya, nduk!”
“Loh enten menapa to, pakdhe? Kok pakdhe
ngendikane mekaten?” sauranku banter karo ndang pengen ngerti apa maksude
Pakdhe Suhar ngomong kaya ngono.
Pakdhe Suhar meneng ora nyauri omonganku
nganthi tekan omah. Aku bingung saka kadohan ning omah ana wong akeh. Basan aku
rada cedhak ana bendera kuning ing ngarep omah. Aku langsung mudhun gage mlebu
ngomah. Jebul Bapak seda. Aku ora bisa nahan tangisku. Aku nangis kaya ngono
kae. Kaya durung percaya yen bapak ninggalke aku, ibu lan adhek. Ibu lan adhek
tak rangkuli karo nangis. Ndelok ibu , aku ora kuat merga ibu nangis terus
banjur semaput. Sesuke bapak dikubur ana ing cedhak omah. Ibu, aku lan adhek
melu ngeterke bapak diangkat ana ing kuburan. Tangisku, ibu lan adhek ora
mandheg-mandheg.
Sawise bar makamke jenazahe bapak. Kabeh
bali ngomah, sedulur-sedulur padha ngumpul ana ing omahku. Atiku tak tetegke
senajan iseh kelingan karo bapak. Aku dirangkul karo pakdhe Suhar digawa
menyang emper omah.
“Bapakmu wingi kecelakaan pas arep
jemput kowe, nduk. Ora dinyono yen kadadeyane bakal kaya ngono.” Kandane pakdhe
karo ngomong alon-alon.
Aku ngrangkul padhe karo nangis
mingseg-mingseg.
“Ngertos nek ngoten, kula boten ngengken
bapak jemput kula, pakdhe. Kula niku sampun kangen kaliyan ibu, bapak, lan
adhek. Pengen ndang ketemu merga kula sampun kalih wulan boten wangsul
Semarang. Malah kadadeyane mekaten. Gelo anggenipun kula ngengken bapak.”
Nangisku tambah banter.
“Wis, nduk kabeh kuwi takdire gusti.
Menungsa jane yo ora pengen kuwi kadadeyan kabeh kuwi wis digariske. Saiki
ditetegke atimu, ditata atimu. Sedhih oleh, nangis yo oleh, nanging aja
terusan. Kowe sing anak metu gedhe kudu bisa ngayomi adhimu lan ibumu. Saiki
ibumu wis apa-apa kudu dhewe. Yen ora kowe sing ngrewangi banjur sapa? Adhekmu?
Ora mungkin. Dhek keke iseh cilik.” Kandane pakdhe karongelus-elus sirahku.
“Inggih, pakdhe.” Jawabku mung singkat
merga aku angel ngomong. Eluhku iseh netes terus.
Nganthi pitung dina aku ning omah. Aku
ijin kuliah. Ning ngomah ngancani ibu lan adhek sing iseh kelingan terus marang
bapak. Ora maido yen ibu kelingan terus karo bapak. Merga ibu lan bapak kuwi
cedhak banget. Apa-apa yo karo bapak. Hubungane karo bapak apik banget, ora tau
padu. Yen ndelok bapak lan ibu rasane seneng. Dongaku, muga ibu dikuatke
sanajan bapak wis seda. Aja nganti sedhih terus merga anak-anake iseh butuh
ibu. Yen aku ndelok ibu, sanajan ora kuat nanging ning ngarepe anak-anake
dikuat-kuatke.
Pitung dinanan wis kelewat. Wayahe aku
balik ning Bandung nerusake kuliah. Sedhih pancen yo sedhih tapi ora terusan.
Aku bangkit, kudu semangat kanggo gayuh cita-citaku. Apa meneh bapak wis ora
ana. Saiki kudu bisa dadi anak sing luwih bener supaya besuk bisa gawe senenge
wong tuwa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar