Jumat, 08 Januari 2016

KEDADEYANE DESA KEDOKAN SAYANG KEC.KRAMAT KAB.TEGAL




            Ana wong sing angon jaran yaiku Gendowor, Gendowor diangkat dadi Adipati Tegal. Gendowor dipecat merga Gendowor ora naati peraturan sing ana. Gendowor tukaran karo Bagus Suanda sing ora gelem kerja sama karo Belanda. Gendowor marani umahe bagus tapi ora ketemu karo bagus soale bagus lunga maring Jawa Barat. Gendowor ketemu karo bapane Bagus Suanda. Gendowor kecewa ora ketemu karo Bagus Suanda, tapi bapane Bagus Suanda wis tua tapi di gebugi gendowor. Gendowor ngamuk neng umahe Bagus, Bagus Suanda balik lan ngerti bapane di gebugi Bagus Suanda jengkel lan ngejar Gendowor. Bagus Suanda bisa ngejar Gendowor terus wong sakti loro kue gelut. Kejar mengejar, awan bengi, sedina dina.
Daerah sing pernah di lewati Gendowor dadi nama-nama Desa. Contohe pas Gendowor umpetan neng kali. Neng ngisor wit gayam dadi panggonan kue di arani Desa Kaliganyam. Gendowor mlayu mengetan umpetan neng wit cangkring dadi panggonan kue di arani Desa Cangkring. Gendowor di kejar Bagus Suanda terus, Gendowor maring kali cilik utawi wangan sing dawa, saiki panggonan kue di arani Desa Wangan dawa lan panggonan sing nggo umpetan di arani Desa Semingkir sing panggonane neng lore Desa Wangan dawa.
            Bagus Suanda ora nyerah kanggo nyekel Gendowor. Akhire  Bagus Suanda bisa nemu Gendowor sing lagi pengin nginung banyu kali utami blumbang utawi kedokan. Bagus Suanda akhire nyerang Gendowor, gelute ngetokna juruse dewek-dewek soale nduweni kesaktian dewek-dewek. Gendowor kalah, panggonan kang kanggo gelut di arani Desa Kedokan Sayang.
 Sane di arani Desa Kedokan Sayang, soale sangat di sayangkan Adipati Gendowor nginung banyu neng kedokan lan sayang ana apa neng kedokan Gendowor mati. Jarane sing arane kidapati di kubur neng kuburan seng utawi jaratan kasir sampe saiki esih ana kuburane lan neng endi makame Gendowor ? sampe saiki gadi misteri. Sampe saiki panggonan kue di arani Desa Kedokan Sayang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar