Ngleluri Kabudayan Jawa
Bledhug Kuwu
Bledhug kuwu kuwi sawijining kawah lumpur/
endhut (mud volcanoes) sing dumunung ing Desa Kuwu, Kecamatan Kradenan,
Kabupaten Grobogan, Jawa Tengah. Objek sing narik kawigaten saka bledhug iki
yakuwi jeblugan-jeblugan lumpur sing ngandhut uyah lan terus-terusan, saben
rong menit utawa telung menit.
Saka ngelmu geologi, kawah lumpur Kuwu,
kayadene kawah lumpur liyane, aktivitas ngeculake gas saka jero teras bumi. Gas
iki biasane arupa metana. Kuwu kuwi siji-sijine sing dumunung ing Jawa Tengah.
Letupn-letupan lumpur sing dumadi biyasane nggawa larutan kaya mineral saka
bageyan ngisor lumpur mendhuwur.
Lumpur saka kawah iki bayune ngandhut uyah,
dening masarakat local dimanfaatake kanggo bahan gawe uyah bleng kanthi
tradhisional. Carane kanthi ngegung banyu saka bledhung iku jroning glagah
(pring sing disigar dadi loro, banjur digaringake).
Miturut crita run-tumurun sing ana ing
masarakat, Bledhug Kuwu dumadi amarga anane bolongan sing ngubungake panggonan
kuwi karo Segara Kidul (Samudra Hindia). Kocap kacarita bolongan mau arupa
dalan mulihe Joko Linglung saka Segara Kidul tumuju Krajaan Medhang Kamulan
sawise ngalahake Prabu Dewata Cengkar sing wis owah dadi bajul putih ing Segara
Kidul. Joko Linglung jare bisa gawe bolongan kasebut amarga bisa njelma dadi
ula naga sing dadi syarat supaya diakoni mingangka anake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar