Jumat, 08 Januari 2016

CERKAK "PUNGKASANING YUSWA"



Cerita Cekak
PUNGKASANING YUSWA
Dening : Devy Widiyaningsih
Jam pitu esuk, bapak wes siap-siap mangkat kerja. Klambi dinas wis dinggo bapak. Bapak katon rapi lan gagah. Ibu nyiapake sarapan kanggo bapak lan aku. Iku wis rutinitase ibu saben esuk merga ibu ora kerja. Dadi urusan ngomah kabeh urusane ibu sanajan ana pembantu rumah tangga. Ibu eman banget karo bapak lan aku. Sawise sarapan bapak lan aku budhal saka ngomah. Bapak ngeterke aku sekolah ing SMP Harapan Bangsa terus bapak lagi mangkat kerja. Ibu ditinggal ana ngomah dhewe.
Aku balik jam siji awan. Dijemput karo pak supir sing kerja ana ngomah.
“Assalamualaikum, ibu. Diva wangsul.” Mudun saka mobil langsung mlayu ning ngomah goleki ibu langsung salim.
“Walaikumsalam, dhek. Gek ndang dicopot seragame terus sholat. Ditunggu ibu ning ruang makan.” Ibu jawab salamku karo ngambung batukku.
“Inggih, bu. Diva tak ganti enten kamar rumiyen.” Karo mlaku nuju kamar.
“Iya, dhek.” Jawabe ibu.
Aku mlebu kamar ganti klambi terus sholat. Ya ngene iki rutinitasku saben dinane. Sawise solat, aku mara ing meja makan marani ibu merga ibu wis nunggu ana ing meja makan. Wektune mangan awan karo ibu. Sadurunge mangan, ibu mesthi sms bapak. Ngelingke bapak mangan awan lan aja telat mangan awane. Ibu pancen perhatian banget karo keluarga. Aku bersyukur dilairke ana ing keluarga iki merga wong tuwaku sayang banget karo aku.
Bar mangan lungguh-lungguh sedela ana ing ruang kelarga karo ibu delok tv.
“Bu, wau pak guru taken kabare ibu lan bapak, ngendikane sampun dangu boten kepanggihan kalih bapak lan ibu.” Karo leyeh-leyeh ana ing kursi.
“Pak guru sapa, dhek?” jawabe ibu karo ngeleh-ngeleh acara tv.
“Pak Adiyakso Probo Wicaksono, bu.” Kato ndeleng wajahe ibu.
“Owalah Pak Probo to. Besuk salamke kanggo pak Probo yo, dhek. Yen ana wektu sesuk ibu karo bapak tak dolan ana ngomahe. Pak Probo kuwi mbiyen kanca cedhake bapakmu pas SMA. Bar wis kerja lan duwe anak bojo dadi jarang ketemu.” Ibu ngomong karo aku disambi ngetke tv.
“Oh… inggih, bu. Besuk Diva salamke kaliyan Pak Probo. Batin kula, wong kula niku boten diajar kalih Pak Probo kok ngertos kula anake sinten. Jebul kancane bapak to.” Angop karo jawabi omongane ibu.
“Wis ngantuk, dhek? Kana ndang turu, mengko jam setengah telu tangi, adus, sholat, terus mangkat les.” Tangane ibu karo ngelus-elus sirahku.
“Inggih, bu. Diva sampun ngantuk. Diva mlebet kamar riyen nggih, bu.” Aku ngomong karo angop meneh.
“Yowes kana gek ndang mlebu kamar. Ibu yo meh istirahat sedela.” Saurane ibu karo ndeloki aku mlebu kamar.
Aku mlebu kamar terus turu. Ibu mlebu kamare melu-melu turu. Wis kebiasaan ibu karo aku yen awan kudu istirahat ora ketang sedela. Aku kesel merga balik sekolah, Ibu kesel gawean ngomah sanajan ana sing mbantu pembantu rumah tangga. Ibu jane wegah ana pembantu ning ngomah, ibu yo sanggup nglakoni dhewe nanging bapak ora ngolehke ibu gawean ngomah ditandangi dhewe. Bapak ora gelem ndelok ibu keselen merga gawean ngomah. Mula kuwi bapak golek pembantu rumah tangga kanggo ngancani lan ngewangi ibu ana ing ngomah yen aku sekolah karo yen bapak lagi kerja.
Alarmku muni jam setengah telu. Aku terus tangi, metu saka kamar goleki ibu. Jebul ibu ana ing kebon mburi omah. Ibu ndelok-ndelok tanaman sing ana ing kebon. Ibu seneng banget karo tanaman. Tanaman sing ana ing kebon kuwi mau sing nanem lan sing ngrawat ibu kabeh.
“Bu.. Ibu..” Celukku karo mlayu.
“Iya, dhek. Ibu iseh ndelok tanaman ning kebon. Mreneo, dhek!” saurane ibu karo mlinguk ning aku.
“Inggih, bu.” Aku mlayu terus nyikep ibu saka mburi.
“Piye, dhek? Kok ora gek adus. Adhek ana les jam telu lho.” Saurane ibu karo mesem ngetke aku.
“Diva kangen kalih ibu, lagi pengen kalih ibu terus. Inggih bar niki kula adus, bu.” aku iseh wae ngrangkuli ibu ana ing kebon.
Ibu gantian ngrangkul aku terus dijak mlebu ngomah, aku kon adus. Bar kuwi aku adus mara ing kamar mandi terus solat, bar solat siap-siap mangkat les.
“Bu, Diva sampun siap. Diva mangkat les riyen nggih?” karo salaman, aku pamit karo ibu.
“Ati-ati dhek mangkate, pak gilang nyupire kon alon-alon wae. Les sing bener lan serius ya, dhek!”
“Inggih, bu. Diva pamit. Assalamualaikum.” Aku mlaku metu nuju mobil ing garasi sing wes disiapake karo Pak Gilang.
Aku mlebu mobil mangkat les diterke karo Pak Gilang. Ing perjalanan aku guyonan karo Pak Gilang. Pak Gilang kuwi supir sing ana ing keluargane bapak. Pak Gilang durung tuwa nanging wis duwe bojo Aku karo Pak Gilang yo cedhak sering guyonan bareng lan ngobrol bareng yen pas ana wektu kosong.
Tekane nggone aku les. Aku ditinggal karo Pak Gilang. Merga lesku ora sedela nanging rada suwi. Kira-kira rong jaman. Jare Pak Gilang mau arep ngeterke ibu menyang omahe simbah ngeterke obat kanggo simbah.
“Dhek diva, ditinggal Pak Gilang ya? Pak Gilang arep ngeterke ibu menyang omahe simbah ngeterke obat. Mengko dhek diva dijemput bapak kaya biasane.” Kandane Pak Gilang.
“Inggih, Pak Gilang.” Aku karo mudun saka mobil.
Aku les nganthi jam 5. Metu saka les-lesan wis ana mobile bapak ning ngarepan. Aku langsung gage marani mobile bapak banjur mlebu mobil.
“Pak, sampun dangu nenggo kula?” aku karo salim bapak.
“Durung, dhek. Kira-kira limang menitan.” Bapak nyalake mesin mobil
Aku karo bapak balek menyang ngomah. Jebul ibu wis tekan ngomah anggone ngeteri obat ing omahe simbah. Bapak tekan omah banjur adus. Aku leren sedela ning ruang tv karo nonton tv nunggu tekane magrib. Ibu karo mbak nay (pembantu rumah tangga) sibuk ana ing pawon nyiapake mangan kanggo wengi iki. Bapak bar adus nyusul aku ana ing ngarep tv melu nonton tv.
Suara adzan magrib wis krungu. Bapak gage mateni tv. Bapak lan aku mara kamar mandi kanggo wudhu. Ibu nututi aku lan bapak. Bar wis wudhu kabeh. Solat jamaah ana ngomah.
Sawise solat wektune makan malam karo karo bapak lan ibu ana ing meja makan. Rasane seneng banget yen lagi kumpul kaya ngene. Ndeloki bapak lan ibu rasane ati iki ayem lan tentrem.
“Moga bapak lan ibu diparingi panjang yuswa. Ben bisa nunggoni aku nganthi aku gedhe lan bales kabeh apa sing wis dilakoni bapak lan ibu ning aku.” Batinku karo mesem
Sawise mangan aku, bapak lan ibu pindah ing ngarep tv. Piring-piring sing ana ing meja makan mau diberesi karo mbak nay. Ibu ora beresi merga wektune kanggo ngobrol-ngobrol karo anak lan bojo. Ing ngarep tv padha guyonan.
“Pak, aku rasa-rasane kok arep pilek kayane. Irunge wis gatel terus.” Ibu mbuka omongan rada serius ning bapak.
“Diombeni obat saiki, bu. Aja nganti kasep. Mumpung durung kebacut.” Saurane bapak serius.
Sangertiku bapak kuwi paling wedi yen ibu nganthi lara. Bapak ora pengen bojone nganthi kesel apa meneh lara. Sayange bapak ning ibu ngetoki banget saka tindhakane bapak saben dinane marang ibu.
“Tak njipuk obat ana kabar ndisik, pak.” Kandane ibu karo ngeti bapak.
“Yawes kana ndang dijupuk terus diombe. Aja dinde-nde.” Karo ngulati ibu mlaku menyang kamar.
Wektu nunjukke jam 7 wayahe solat isya berjamaan ana ing ngomah. Sawise solat aku mlebu kamarku wayahe sinau. Bapak lan ibu mlebu kamar. Bapak ngerjakake kerjaan kantor, yen ibu senengane maca buku apa wae sing menurute apik. Sanajan ibu ora kerja nanging ibu lulusan sarjana. Ibu ora kerja merga ora diolehke bapak.
Wis pirang-pirang dina kepungkur. Kegiatan saben dinane ya kaya ngono. Kuwi wis dadi kebiasaan keluargane bapak. Mulai saka wengi kuwi, jare ibu arep pilek. Pirang-pirang dina wis diobati terus nanging ora mari-mari. Ibu wingi-wingi iseh meneng wae. Nanging suwi-suwi ibu angel napas. Ibu ngomong karo bapak yen irunge angeldinggo napas. Bapak esuk kuwi rada panic karo kahanane ibu. Bapak paling ora bisa ndeloki ibu lara kaya ngono. Bapak langsung ngejak ibu priksa ana ing rumah sakit. Jare dokter ning irunge ora eneng apa-apa. Bar priksa mung dikei obat. Bar priksa ibu diterke bapak mulih menyang omah.
Wis dipriksake jarene ibu irunge malah tambah lara lan angel napas meneh. Bapak sansaya wedi. Ibu dijak priksa ing beda rumah sakit karo sing pertama. Ing rumah sakit kana, ibu di ronsen. Doktere ngomong yen ning saluran pernapasane ibu ana penyumbatan lan kuwi dadi kanker sanajan durung nanthi stadium dhuwur nanging judule kanker. Bapak langsung meneng. Bapak kaget karo apa sing diomongke karo dokter. Ibu malah ketok tenang kaya ora ana apa-apa.
Metu saka ruang dokter, bapak lan ibu lungguh ana ruang tunggu. Karo ngenteni ibu diundang, merga arep mondhok kanggo kemo. Bapak brambang ndeleng wajahe ibu.
“Kanker? Kuwi penyakit bahaya sing tak ngerteni. Aku bisane mung ngrungokake ning berita tv apa mung maca ing koran. Pokokmen kanker kuwi tak ngerteni sebatas informasi. Nanging saiki aku ngadepi kanker kuwi. Sanajan sing kena ora aku nanging kuwi sing lara bojoku. Bojo sing take man-eman malah kadadeyane kaya ngene. Aku kaya ora percaya yen bojoku kena kanker.” Batine bapak karo eluhe netes.
“Bapak aja sedhih, ibu ora papa. Ibu ikhlas nampa iki kabeh, pak.” Ibu mesem karo ngelapi eluhe bapak.
Ibu mondhok sewulan ana ing rumah sakit. Aku ning omah dikancani sedulur-sedulurku karo mbak Nay lan pak Gilang. Sanajan omah ana wong akeh nanging rasane kaya sepi ora ana bapak lan ibu. Biasane guyonan karo bapak lan ibu. Wis sewulan iki wis ora ngrasakake kahanan kaya ngono. Rasane kangen bapak lan ibu. Bapak yen mulih omah yo mung sedela-sedela. Aku nek dijak ing rumah sakit nek dina prei.
Kahanane ibu wis rada mending terus ibu digawa mulih. Bapak lan sedulur-sedulur padha rembugan kepiye enake pengobatane ibu saiki. Jarene sedulur-sedulur ngongkon pengobatan alternatip wae. Bar kuwi telung wulan diobati kanggo pengobatan alternatip. Kahanane ibu malah tambah drop. Bapak panik ndeloki kahanane ibu. Awak sing maune abote 55kg saiki dadi 36kg. Wis ora rupa daging. Bapak mutuske yen digawa ana ing rumah sakit meneh merga yen dideloki pengobatan alternatip wes ora manjur.
Ibu dipriksa dokter meneh. Jare dokter kankere ibu wis stadium 4. Kakere wis jalar ning otak lan ning tenggorakan. Bapak krungu dokter ngomong ngono, bapak melu drop. Bapak bisane mung donga marang gusti. Supaya ibu bisa mari lan diangkat penyakite. Ibu sansaya suwi sansaya drop. Alat-alat medis dipasang kabeh. Ibu wis ora duwe daya. Ing nduwur kasur rumah sakit ibu mung meneng. Aku lan bapak nangisi ibu wae. Aku kangen karo perhatiane ibu. Aku kangen guyonan karo ibu. Bapak nangis ngetke aku nangis ana ing sanding ibu. Sanajan ibu wis ora bisa apa-apa nanging ibu iseh bisa ngrungokake apa sing tak omongke ing kupinge ibu.
Let pirang dina dokter ngomong karo bapak yen alat-alat medise iki mending dicobot. Dokter ngomong yen wis nyerah, nangingbapak ora gelem yen alat-alate nganthi dicopot. Bapak tetep ngeyel ora gelem dicopot. Sedulur-sedulur padha ngandani, mending alate dicopot, mesake ibu jarene. Bapak bar kuwi sadar. Bapak ngomong karo dokter yen setuju alat-alate dicopot. Basan alat-alate dicopot mung gari alat detak jantunge wae sing dipasang. Aku karo bapak nunggu ibu terus ana ing rumah sakit. Bapak wis ora mikir kerjaan. Sing dipikir mung ibu, ibu lan ibu. Sekolahku ya prei sek, Merga ibu keadaane wis kritis. Let pirang jam detak jantunge ibu mandheg. Ibu sampun wangsul ing ngayunaning gusti. Aku lan bapak nangis kejer.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar