1. Alesane
milih bab iki sabab bab iki nduweni kandungan kang ana ing mata kuliah lan bab
iki uga ana sangkutane karo jurusan basa jawa. Bab iki uga mbahas urip ing
ndonya awit jabang bayi sing isih abang nganti dadi wong diwasa kang dikanthi-kanthi
wongtuane sabab oleh anugrah lan berkah saka Gusti Kang Maha Agung.
Anak kuwi kanggo tumpuan lan harapan. Wongtua
kudu njaga anak lan mbimbing dadi wong kang bener. Kinanthi uga salah
sawijining tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng,
katresnan lan kawicaksanaan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan
bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanthi kanggo wanita kang lagi diwasa.
2. Tema bab iki yaiku tembang kang ngandhut sipate
manungsa
Sabab
tembang kinanthi iki kalebu tembang macapat utawa geguritan tradisional jawa.
Tembang macapat iki ana wiwit akhir kerajaan Majapahit lan wiwit ana walisanga.
Tembang kinanthi iku tegese ginandheng (digandheng). Diarani tembang kinanthi
sabab cakepane tembang iku kena ginandheng enggo nggerongi prasaat kabeh
gendhing, kayata dienggo nggerongi gendhing : Sandhung, Puspawarna, Srisinuba,
Sriyatna, Sriwidada, Srikarongrong, Pawukir, Teplek, Gambirsawit, Boyong,
Subakastawa, Sriutama, Srikastawa, Genjonggoling lan isih akeh liya-liyane maneh.
3. keluwihan lan kekurangane
Keluwihane
yaiku ing buku iki wis dijlentrehake bab-bab kayata kawruh basa, dasanama,
krama inggil panganggo lan piranti, dhapukaning ukara, paramasastra, lan
kasusastran. Ing buku iki wis ana guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Buku
iki wis lengkap kabeh.
Kekurangane
iku bisa menehi manfaat kanggo manungsa, nanging ing buku ora ana manfaat
tembang kinanthi kanggo manungsa lan ora dicritakake asal mulane tembang
kinanthi iku saka endi, apa sing miwiti tembang kinanthi kuwi ana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar