PAWARTA
Pawarta iku tegese kedadean utawa
prastawa kang nembe kedadean/dumadi. Pawarta bisa kababar lumantar ariwarti,
kalawarti, lan liyane (awujud tulisan), utawa lumantar TV, internet, lan radio
(awujud suara). Upamane:
Pawarta ekonomi : pawarta kang isine babagan kegiyatan
ekonomi, dagang, duwit, lan pasar.
Pawarta politik : laporan kagiyatan politik saka neharane
dhewe utawa Negara liya.
Pawarta kriminal : pawarta kang ngelingi tindhak kadurjanan,
bisa enthuk saka pihak kepolisian.
Pawarta social : pawarta kang ana sambung rapete karo
kegiyatan kamanungsan, kepentingan uripe manungsa, lan liya-liyane
Pawarta acara : catetan laporan kang digawe dening
polisi, ngengingi kedadeyan prastawa, kayata wektu, panggonan, katrangan, lan
panuduh liya ngenani prastawa utawa perkara.
Pawarta keluarga: pawarta kang isine
babagan keluarga, kayata ambal warsa, kepaten, nikahan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar