Cerita Cekak
Ora
Duwe Ati
Dening : Devy Widiyaningsih
Wengi
kuwi ing wayah rendheng, udan dadi sakbendinane. Langit katon kembeng kembeng
ora bisa cerah. Ati rasane ora ayem, kaya ana sing ngganjel ing hubunganku karo
Reza. Kabeh rasa mau tak empet, aku ora ngomong karo sopo-sopo. Ngomong karo
Reza yo ora. Tingkahe Reza ning aku yo wis beda, wis ora kaya biasane maneh.
Aku yakin nek kahanan kaya ngene iki mesthi ana apa-apa. Sewengi ora bisa turu,
glibat glibet ing kasur karo ndeleng langit-langit kamar, aku mikir “jane
kengeng apa kok bisa tingkahe wis beda ning aku? Aku nduwe salah apa? Tak
pikir-pikir kayane aku ora nduwe salah. Sewengi kuwi mung takon karo awake
dewe. Meh takon karo Reza ora wani.
Esuk
mruput aku wis tangi, metu ing ngemperan omah sedelok ngulatke kahanan ing
sakiwa tengenku. Hawane seger ngulatke langit sing srengenge isih isin ngetoke sinare.
Bintange wis lamat-lamat arep mungkur. Nanging yen kelingan kahanane hubunganku
karo Reza dadi layu atiku. Ora kaya kembang-kembang kae sing isih seger wayah
esuk. Aku mlebu ing kamar lungguh sedelok banjur adus solat. Aku wis siap mangkat kuliah, nanging kelingan
meneh karo wong lanang siji kae. Aku nguwanike awakku kanggo ngubungi deweke.
Reza tak bbm “Sugeng enjang, mas? Aku lungguh ing motor karo manasi motorku.
Hpne tak lebokake sak celana. Ora let suwe muni, tak buka ana balesan saka
Reza. “Iyo enjang, dek. Ojo lali sarapan yen arep mangkat kuliah. Ati-ati yen
perjalanan ing kampus ojo ngebut-ngebut.” Aku maca karo ngguya ngguyu dewe.
Rasane ati wis tentrem merga saurane wis ora kaya wingi. “Inggih mas, kula tak
budhal ing kampus riyen.” Njupuk tas ing njero kamar pamitan karo bapak ibu
terus budhal ing kampus.
Tekan
parkiran ketemu karo Santi terus mlebu bareng ana kelas. “Piye sil wis garap
tugas?” Santi takon. “Wes, sil.” Saurku. Yowes nek ngono. Mlebu karo Santi ing
kelas isih ana bocah-bocah sitik merga isih isuk. Aku lungguh ana mburi dikancani
Esti. Hpku tak delok pangarepku Reza bales nanging ora bales bmku. Aku ngayem
atiku dewe yen deweke yo sibuk ngurusi kuliahe. Tak tunggu nganti sore, pas
kuwi kuliahe Pak Keke. Pak Keke durung mlebu. Wektu kuwi tak nggo buka hp, ana
bbm saka Reza. “Dek, wis bar kuliahe? Nek wis bar langsung balik ojo
mampir-mapir.” “Kuliahe dereng rampung mas, kurang setunggal niki. Inggih
mangke nek sampun bar langsung wangsul.” “Yowes nek ngono. Wes maem, dek?” “
Dereng mas, mangke mawon nek sampun ing griya.” Kuwi mau bbman aku karo Reza sakdurungu
Pak Keke mlebu kelas.
Kanca-kanca
pada meneng ngrungokake Pak Keke sing isih jelaske mata kuliah karawitan. Basan
dijelaske kon pada praktik karo didampingi bapak dosen. Kanca-kanca pada seneng
anggone latihan. Mata kuliahe Pak Keke gawe aku ora kelingan karo Reza. Hp ning
tas yo ora tak urusi. Basan kuliahe Pak Keke bar, aku buka hp. Niate pancen meh
ndeloki bme Reza wis dibales apa durung. Malah kontake wis ora ana. Ing kelas
aku syok karo delok hp. Aku delak delek bingung. Pikiranke wis tekan
ngendi-ngendi. Meh balek cepet dadi ora niat. “Kowe napa sil?” takone Santi.
Kabeh tak ceritakake ning Santi. “Sabar sil ojo pikiran sing negative sek.
Kabeh kuwi ora angger, kudu ana omongan sing jelas. Kowe saiki yowes gedhe ojo
sitik-sitik nesu njur pikirane dadi elek kabeh kaya ngono kuwi.” Kandane Santi. Yowes nek ngono aku tak balek
sek, San. Pikiranku wes ora genah parane. Ing dalan luhku dleweran. “Ana apa
jane, kok atiku rasane kaya ngene. Kengeng ngapa deweke dc bbmku. Wong yo ket
mau bbme apik-apik wae ora ana masalah. Aku takon-takon terus marang awakku
dewe.” Batinku.
Wengi
kuwi aku metu ing ngemperan omah karo lunggu ing kursi. Delak delek dewe karo
ngeti hp. Ora ana kabar blas saka Reza. Luhku netes meneh kelingan Reza. “Apa
sing kudu tak lakokake, aku kadung tresna karo Reza. Pacaran ya ora mung
sedela. Wis patang tahun. Susah lan seneng wis dilewati bebarengan. Ning ati
ora terima yen ana wong ketelu sing arep ngrusak hubunganku karo Reza.”
Batinku. Aku njupuk hp ana ing sandingku ora mikir suwe aku telpon Reza. Pirang-pirang
kali telponku ora diangkat karo Reza. Pikiranku tambah ning ngendi-ngendi. Aku
wis ora sabar nunggu kabar saka Reza. Aku bm ibune. Jarene ibune, Reza ning
omah dolanan hp. Aku wis gethet karo Reza, jane deweke isih cedhak karo sapa?
Nganthi aku di dc saka bbm, sms ora dibales, ditelfon yo ora ana jawabe. Nanging
aku kudu piye ora ngerti apa sing kudu tak lakokake. Mara nyang ngomahe? Ora
mungkin. Isin dewe yen aku mrana ora dianggep karo Reza. Yowes nek kaya ngono pangarepe,
aku bakal meneng dhisik nganthi Reza sadar karo kelakuane.
Aku
mlebu kamar karo rasa kecewa, luh pateng ndleweran ning pipi. Reza tak jarke
pirang pirang dina. Akhire deweke ngabari aku. Deweke ngomong yen wis nduwe
pacar anyar, kanca SMPne biyen. Atiku langsung keronto-ronto. Pancen cah lanang
kuwi ora nduwe ati. Ora ana kabar dijarke, basan ngei kabar mung ngei ngerti
yen deweke wis nduwe sing anyar. Ora mikir perasaanku kaya kepiye. Percuma
njalani hubungan patang tahun kepungkur yen akhire mung kaya ngene, Ngaboti
wong wadon sing durung deweke kenal. Sing tak herani wong wadon kuwi ngerti yen
Reza wis nduwe pacar nanging gelem dijak pacaran. Wong loro kuwi padha-padha
ora benere. Tak tampa kabeh apa sing dilakokake Reza karo pacare ning aku. Aku
ora dewe. Ana Gusti sing bakal ngancani aku, mboh kaya kepiye posisiku Gusti
bakal ana kanggo aku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar