Pengalaman
kang Nengsemake
Mirengake crita pengalaan iku sawijining
kegiyatan kang nyenengake. Apa meneh yen kang diceritakake iki pribadine dhewe,
ngenani prastawa paling nengsemake sajroning panguripan. Dene yen kang
diceritakake iku pengalaman pribadine wong liya, kita bisa ngreteni sawijining
prastawa kang dilakoni lan paling nengsemake tumrap awake dheweke.
Crita pengalaman yaiku crita kang
bener-bener dilakoni dening sawijining pawongan. Akeh manfaat kang bisa dijupuk
saka ngrungokake crita pengalaman. Salah sawijine yaiku awake dhewe entuk
pengalaman kang nengsemake saka crita kasebut lumantar prastawa-prastawa kang
dilakoni dening pawongan kang gawe crita kasebut. Pengalaman kasebut biyasane
dadi pangeling-eling. Sajrone crita pengalaman mesthi ana pesen moral kang
pengin dikandhakake iku mung sinandi utawa ora diblakake.
Sajrone crita pengalaman uga ngemot
nilai-nilai panguripan ing bebrayan agung. Nilai kang kamot iku bab-bab utawa
sipat-sipat kang baku la nana gunane, sastra bisa digunakake ing madyaning
bebrayan lan bisa didadekake pathokan lan suba sita sesrawungan. Dene nilai
kasebut ing antarane yaiku:
1.
Nilai religious/ keagamaan utawa nilai keyuhanan yaiku nilai kang ana sesambungane
tumindak kang percaya anane Gusti, pengalaman, agama, lan sapiturute.
2.
Nilai budaya utawa kultur yaiku nilai kang ana sesambungane karo budaya
masyarakat tinamtu anggone ngadhepi prekara utawa nglakoni panguripan ing
bebrayan agung.
3.
Nilai etika utawa moral yaiku nilai kang ngajarake marang saben pawongan kudu
bisa mad-sinamadan, gotong-royong, urmat lan ngurmati marang wong liya.
4.
Nilai social yaiku sesambungan karo panguripan social, dene manungsa iku ora
bisa urip dhewe mesthi mbutuhake wong liya.
5.
Nilai estetika yaiku nilai kang ana sesambungane karo kaendahanm yaiku
sawijining bab kang sesambungan karo gaya basal an milai seni.
6.
Nilai hiburan yaiku bisa ndadekake rasa seneng sawise ngrungokake crita kasebut
amarga lucu utawa nengsemake.
Cerita rakyat (folklore) iku crita saka
jaman kuna kang isih urip ing madyaning bebrayan aung lan diwarisake kanthi
lesan. Biyasane crita rakyat diceritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening
wong kang nduweni kabiasaan tinamtu/ khusus, kayatadhalang jemblung lan tukang
kentrung. Crita rakyat iki ngemot piwulang moral lang dianggep minangka pelipur
lara, yaiku nglipur kawula cilik kang durung kena; karo lelipur kang luwih
modern.
Crita rakyat yaiku perangan karya
sastra lisan kang nduweni karakter kaya ing ngisor iki.
1.
Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.
2.
Kolektif, merga ora kaweruhan sapa sing nganggit crita mau dadi duweke
masyarakat bebarengan.
3.
Dicritakake kanthi lesan.
4.
Sing nyritakake saka generasi ke generasi.
Amarga ciri kasebut crita rakyat gampang
owah, sok sapa bisa nambahi mula akeh versi miturut papan utawa panggonan sing
nyritakake.
Wujude crita rakyat mau miturut
William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng.
Crita mitos dianggep bener-bener kadadeyan. Kadadeyan ing alam dharatan,
segara, utawa langit. Paragane manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni
kasekten ora tinimu nalar kayata bisa mabur, bia urip ing segara lsp. Tuladha
crita mitos kayata Crita Kangjeng Ratu Kidul ing Pesisir Kidul, Crita Nyai
Lanjar ing Pesisir Lor, Crita Alas Krenda Wahana ing Boyolali, Crita Sunan Lawu
ing Karanganyar.
Crita legendha kadadeyan ing bumi
lan crita mau kaanggep bener-bener kadadeyan. Biasane crita mau ana petilasane
arupa watu, wit, gunung, kali. Lsp. Tuladha crita legendha kayata : crita Baru
Klinting, crita kadadeyan Kutha Semarang, kadadeyane Kutha Salatiga, crita Joko
Poleng ing Brebes, crita Kamandaka ing tlatah Banyumas, crita kadadeyan padusan
Sumber Tuk Cokro Tulung ing Klaten, crita asal-usule jeneng Grojogan Sewu ing
Tawangmangu, crita Menara Kudus ing Kutha Kudus. Crita dongen dianggep crita
sing ngayawara, ora bisa dipercaya. Contone dongeng sato kewan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar