Jumat, 08 Januari 2016

MIRAS NGGAWE MAHASISWA LALI KARO TUGASE



Miras nggawe mahasiswa lali karo tugase
            Rabu, 29 April 2015 aku nganakake wawancara marang Bagus (nama disamarake) ngenani miras. Miras utawa sing biasa kasebut minuman keras iku biasane ana ing luar negeri kuwi kanggo ngangetna awak amerga miras kuwi  ngandung alkohol. Ing luar negeri biasane ngombe miras kuwi wayah musim atis. Nanging ing  Indonesia kuwi uga ana miras, nanging neng Indonesia kuwi cuacane panas terus, mula iku miras ing nang Indonesia disalah gunakake.
             Miras nang Indonesia kuwi wis mrambah maring panggonan endi bae, tuladhane kaya wong sing wis tak wawancarai iki. Bagus (nama disamarke), Bagus umure 18 tahun, kuliah ing salah siji institut  kang ana ing Jawa Barat. Bagus iki memang bocah kang kendel wiwit SMA merga, wiwit SMA kuwi wis kenal marang sing arane miras nalika akeh masalah langsung mlayune maring miras.
            Saiki Bagus wis dadi mahasiswa tapi jebule Bagus kuwi malah tambah kecanduan miras apa maneh saiki Bagus kuliahe ana ing Jawa Barat padahal ing Jawa Barat kuwi terkenale daerah kang ora apik merga ana ing kana uripe bebas lan Bagus saiki adoh karo wong tua dadi uripe sakerepe dhewe. Nalika Bagus mendem iku pas lagi akeh-akehe tugas. Bagus uga sering mbolos kuliah merga dheweke karipan utawa sungkan mangkat kuliah. Kanggo gantine dheweke ora mlebu kuliah amerga, dheweke iki kuliah ana ing Institut swasta mbolos kuwi bisa ditangani nganggo tugas.
             Bagus kuwi seneng mbolos merga, ora dadi hal sing bakal ngandeg dheweke ora lulus-lulus kuliah. Gara-gara Bagus ora tau mangkat kuliah tugase Bagus mulai akeh nalika wis kadedayan kaya iki Bagus namung bisa nambani dheweke ben aja mumet  iku iya miras kuwi mau, Tapi kadang wae nalika Bagus lagi tukaran karo pacare utawa dosen ana ing Institut kuwi Bagus uga mendem.
             Bagus setiap akeh tugas lan utawa Bagus ora bisa ngerjakake tugase kuwi iya langsung Bagus tuku miras kuwi lan nalika wis wayahe jam sewelas bengi sampe esuk kuwi Bagus miwiti mendem ana ing kontrakan, nalikane lagi mendem kuwi  jare rasane kaya ora duwe beban urip utawa bisa nggawe tugas kuliah mau gampang dikerjakake, iya padahal miras kuwi kanggo sesaat tok tapi jare Bagus kuwi bisa nggawe awake dheweke enteng lan bisa nggawe dheweke seger maning padahal miras kuwi nggawe awake gering ora bisa lemu tapi Bagus tetep kecanduan ngombe miras kuwi. Jare Bagus kuwi nalika lagi mendem rasa kaya melayang-layang, seneng, kaya ora duwe tugas kang akeh mau tapi jare Bagus kuwi enak, iya mungkin karena Bagus kuwi wis kecanduan.
             Jare Bagus kuwi ora namung dheweke sing mendem tapi sak kos kuwi mendem kabeh pertama iya nyicip merga sering weruh Bagus mendem tapi suwe-suwe pada wae kencanduan kadang iya salah siji ana sing ora gelem tapi mengko mesthi di domong ora setia kawan merga akhire pada ngombe kabeh. Uga ora namung gara-gara tugas Bagus sering tuku miras kuwi, tapi kadang pas lagi ana duit utawa kas dikirimi duit wong tua langsung duit kuwi kanggo tuku miras mau, iya balik maneh mungkin karena kecanduan dadi angel kanggo nglupakake barang haram kuwi. Nalika wis kaya kuwe, Bagus lan kanca sak kontrakane kuwi dadi lali nalika dheweke akeh tugas lan ora bisa njaga amanahe wong tuane kang wis mbiayai urip, kang wis usaha kanggo anake kuwi mau. Padahal wong tuane kuwi wis ngomong maring tanggane nalikane anake kuliah lan bakal dadi sarjana tapi malah anake kuwi malah mendem ora mikir masa depane pan kepiye.
            Wong tuane Bagus iya wis ngerti nalikane Bagus ngombe barang haram kuwi nanging wong tuwane kuwi urung weruh nanggo matane dhewe nalika anake kuwi tukang mendem, dadi wong tuane ora nyeneni dheweke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar