Srengenge
kang sumelet wis madangi bumi iki, aku gage adus merga arep ndaftar SMA. Aku
arep ndaftar neng SMA N 1 KRAMAT, sekolah kang manggon ing kabupaten nanging
iya tetep diminati. Aku ndaftar neng SMA diater neng bapak, nggal sore aku
niliki nilai kang ana ing papan pengumuman kanggo ndeleng aku esih urutan ke
pira. Atiku teteg merga aku esih nomer 87, aku mesthi ketampa neng kene.
Pengumuman wis mulai lan jebul aku tenan di tampa ing SMA N 1 KRAMAT.
Aku
seneng banget merga aku ketmpa lan nduwe kanca akeh, aku olih kelas ning X.5.
Aku nduwe kanca kang jenenge Sindy, Lisa, Ajeng, Rizka. Aku cedhak banget karo
bocah papat kuwi. Maring ndi-ndi bareng terus, pokoke sahabat selamanya.
Ning
sekolah aku nduwe guru kang “kiler” nemen, jenenge yaiku Pak Sudibyo. Nalika
pelajaran mesti ana sing ditunjuk sepuluh wong. Pak Sudibyo jane wonge apik
nanging iya pada wedi merga wektu pelajaran mesthi ana sing ditunjuk dadi pada
wedi lan or bis njawab pitakonane Pak Sudibyo mesthi diceweng, irunge mesthi di
spidoli lan mesthi dinyek terus. Nalika kuwi Rizka lagi maca-maca tulisan kang
ana ing kelas lan durung ngerti Pak Sudibyo wonge kaya ngono, Pak Sudibyo
langsung nyeweng Rizka lan diseneni pak Sudibyo. “Pak kula ko diceweng?”
kandhane Rizka. Pak Sudibyo ngendika,”kowe durung ngerti yen aku sapa?”. “Nggih
kula mangertos Pak njenengan nggih guru sosiologi, Rizka njawabi.” Mengko
takonana kaka kelasmu ya yen aku sapa, wis saiki ditunjuk mau sing ribut ning
kelas lan ora maca buka sapa, tunjuk saiki, jawabe Pak Sudibyo”. Wong Rizka akrab
karo aku, Sindy, Lisa, Ajeng, iya wis aku nunjuk bocah papat kuwi, iya jenenge
kanca akrab seneng susah kudu bareng, kandhane Rizka marang bocah papat kuwi”.
Saiki
wis mulai penjurusan kanggo kelas XI, Aku, Ajeng, Rizka milih jurusan IPA
nanging Sindy karo Lisa milih jurusan IPS. Wiwit kelas XI kuwi Sindy lan Lisa
wis beda ora tau kumpul maneh ora tau dolan bareng maneh. Ketemu iya gur nyapa
biasa kaya kanca biasa dudu sahabat, neng kono aku kuciwa nalika wis ora tau
bareng-bareng maneh kaya biyen nanging iya wis iku sing apik kanggo Sindy lan
Lisa. Beda karo Aku, Ajeng, lan Rizka malah wiwit kelas XI ketambahan kanca
kang jenenge Lukis. Aku wis kekancan akrab karo Rizka, Ajeng lan Lukis. Kelas
XI wis kelewat
Saiki
wis munggah kelas XII nanging iya aku mung sakelas karo Ajeng. Wiwit kelas XII
anyar isih sering dolan bareng, nanging saya suwe wis ora akrab maneh, Rizka
lan Lukis sibuk dhewe-dhewe nanging isih “smsan”. Kelas XII wis rampung saiki
kabeh kuliah dhewe-dhewe jarang “smsan” apa maneh tilpun. Saiki aku wis kuliah
ing Semarang, Lukis ing Indramayu njukut jurusan perminyakan, Rizka ing
purwokerto njukut jurusan perikanan beda karo Ajeng, Ajeng isih tetep neng
Tegal njukut jurusan kebidanan. Lukis kang saiki wis beda banget ora kaya
biyen, ramah saiki dadi sombong. Aku mung dolan karo Ajeng lan Rizka. Wektu
kuwi aku lagi mata kuliah Linguistik, aku weruh ing gambar “BBM” ana foto kang
di edit nanging ora ana aku, anane mung Lukis, Ajeng, lan Rizka. Aku wektu
nangis aku ora nyangka kancaku kaya kuwi nanging iya kuwi nyata. Aku langsung
“BBM” Lukis, “kis kowe ko pasang gambar ngono toh? Aku mbok anggep apa,
sesuwene dhewe kancanan? Mbokya di edit orapapa nanging aja mbok pasang ing
“BBM”, aku lara Kis, aku kuciwa marang kowe kabeh,” aku ngetik “BBM” marang
Lukis karo nangis.” Wektu kuwi tak hapus kabeh “kontake” Lukis, Ajeng, lan
Rizka ing “BBM”. Iku pungakasan “BBM-an” karo Lukis sampe saiki wis ora ana
“kontek” maning. Beda karo Rizka lan Ajeng saiki malah nambah akrab nemen lan
ora ana tukaran maneh lan atiku uga seneng merga Ajeng lan Rizka ngrasa salah
lan njaluk ngapura marang aku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar