Dina
kuwi jagad lagi peteng merga udan, aku numpak motor menyang sekolah alon-alon
merga udan dalane becek menawa aku numpak motor banter mesthi klambi sekolahku
lan sepatuku kotor kabeh. Aku pancen bocah kang kendel merga seneng nemen
ngerjani kancane. Wektu iku dina senen, silvi nitip buku ing yogi merga silvi
wis kebelet pengen maring wc nanging ning wc wis ana aku kang dadi
setan-setanan kanggo medeni silvi, “aaaaaaaaaaa, silvi njerit karo lunga”. “Iki
aku sil ora usah wedi, kandhaku karo gembuyu”. Silvi langsung marang Tomi kang
lagi lungguh ing batur sekolahan, “aku wedi nemen tom, ing wc ana setan,
kandhane Silvi marang Tomi karo gugup lan rupane pucet wedi.” Aalah koe ngapusi
sil, masa awan ngene ana setan, kandhane Tomi ora percaya”. “Temenan tom aku ki
weruh ya, kandhane silvi kang mrengut
merga Tomi ora percaya”. Halah silvi ngono wae wedi, mau ki aku sil,”kandhane
aku karo ngguyu ngakak. Nanging kabeh kuwi wis dadi kenangan.
Saiki
wis padha lulus SMA, saiki wis beda universitas. Pas nembe sewulan isih akrab,
isih sering ketemu utawa kumpul. Nanging rong wulan telung wulan wis ora jarang
kumpul lan jarang ana kabar. Ning kono aku usaha ben aja padha kaya ngono
sanajan to wis padha nduwe kanca sing anyar ana ing universitase dhewe-dhewe.
Aku
usaha kanggo ngabari kancca-kanca ku sing angel dihubungi. Aku usaha terus
kanggo kekancan maneh kaya biyen pas isih kaya ning SMA. Akhire pas dina kuwi
aku kumpul karo kanca-kanca SMA. Nanging ya saiki wis beda karo biyen, saiki
luwih meneng-menengan ora kaya biyen. Aku mung bisa ngumpulke ora bisa ngrubah
kanca-kanca kaya biyen merga saiki wis akeh kanca anyar lan saiki wis jarang
ketemu dadi wis beda ora kaya biyen jaman SMA. Nanging iya aku wis usaha kanggi
ngumpulke. Silvi iya wis nduwe pacar lan ora olih silvi dolan karo kanca SMA.
Tomi saiki wis kuliah ing Ungaran dadi perawat lan yogi saiki kuliah ing
Indramayu juruasan teknik perminyakan, merga jarak dadi saiki dadi beda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar