WENGI
KUMELUT
Dina
kang angine seger ngibaratake atiku karo kanca-kanca SMP, nanging aku ora
langsng balik sabubare pelajaran, merga aku kelas telu kudu melu pelajaran
tambahan kang dianakake dening sekolah. Wektu pelajaran wis entek, aku bali
menyang omahku nganggo angkot, angkot kang wis wayah sore kebak banget karo
penumpang merga wayahe wong kerja pada balik. Nalika aku tekan desaku aku mlaku
mengidul lan diandekne neng Mbah Imah, koe wis ngerti yen bapak kacilkaan?, “Kandhane
mbah imah, Dereng mbah, bapak kacilkaan wonten pundi? Saniki bapak pripun
mbah?” kandhaku karo nangis. Bapak patah tulang,”wangsulane mbah imah, aku
langsung mlayu menyang omah karo nangis. Bu bapak pundi, bapak neng RS Mitra
Siaga, bapak kacilakaan pi, kandhane ibu,” aku sansaya olehe nangis. Motor kang
dinggo kacilakaan bapak ana ing ngarep umah, lampu ngarep pecah awake motor
lecet kabeh, ban motore mlentong.
Wiwit
kedadayen kacilakaan kuwi sing kerja ibu, ibu kang kerjane dodolan melati lan
nduwe anak wadon telu. Bapak wis asring mriyang, embuh apa sing dirasa. Wektu
kuwi ibu amggone dodolan durung rampung lan numpak motor ana ing pantura. Ibu
tiba neng dalan panturu merga nggawa box kang
isine melati kabeh, nanging nalika weruh neng umh bapak lagi sesek nafas ibu
nangis ora ketulungan lan anake uga melu nangis kabeh iya kuwi aku. Adiku kang
arane andini, kendel kang ora ketulungan. Nalika bapak njaluk dipejiti malah
andini nglarak-nglarak bapak ben tiba seka dipan, nalika gon adus iya ora
gelem, sekolah iya males. Beda karo adiku sing bontot sing nurut gelem
diprentah.
Bapak
mriyange nambah nemen wiwit bapak kacilakaan, lan jebule bapak mriyang jantung,
kayane pas bapak kacilakaan luka dalam nanging bapak ora di ronsen kuwi ing
ndadekake bapak kena penyakit jatung. aku nambah ora karuan kaya-kaya aku ora
pengen balik maring omah merga ora tega weruh bapak kaya kuwi ln ibu iya kerja
dewekan lan ana siji sing nggawe aku trauma sampe saiki yaiku bapak utang bank
kang jumlahe akeh lan iya bapak ora bisa disetor lan akhire omahe arep disegel.
Nanging bapaku ngamuk lan wong bank ora sida nyegel. Motor telu nduwene bapak
iya digadekna merga ora ana duit kanggo urip sadina-dina. Dodolan iya ora mesti
bathi, bathi iya kanggo setor bank kang cilik, kanggo sadina-dina lan kanggo
mriksakna bapak merga bapak wis mriyang terus. Wektu kuwi aku lan kaluwargaku
serba kurang sangu bae ora kaya mesthine, sangune apa anane. Aku kang biasa
mangkat sekolah nganggo motor wektu kuwi ora nganggo motor, aku mung mbonceng
kancaku sakelasku.
Bapak
lan ibu biyen rasan ngendika yen mengko aku lulus kuliah aku bakal di sekolahke
nanging wiwit bapak mriyang, “koe ora usah kuliah iya pi, bapak ora nduwe duit
kanggo nguliahke koe”, ngendikne bapak karo nangis. Inggih pak kula mnoten
kuliah mboten menapa nanging palupi nyuwun bapak enggal mantun,” kandhaku karo
nangis. Nanging ibu langsung nyauri,”pokoke koe kuliah pi, koe meh dadi apa yen
ora kuliah? Kuliah neng universitas tebuka wae orapapa sing penting kuliah
pi,”ngendikanipun ibu.
Warisan
bapaku wiwit kuwi didol sacuil-sacuil kanggo nambani bapakku lan kanggo nyaur
utang ing bank. Bapakku saya gering merga bapakku uga kena asam urat lan
dengkule bapak uga pengapuran nanging dengkul sijine malah kurang zat kapur,
merga kuwi sukune bapak ora bisa nekuk, sholat iya karo lenggah. Penyakite
bapak nambah maneh penyakit jantung kudu ngombe obat nanging kanggo nyegah
mbokmenawa bapak ginjale ora kuat, akhire bapak ngombe obat nanging kang alami,
nanging malah bapak mboten saged mlampah merga obate ngandung zat kang nggawe
asam urate kang kambuh lan bapak ora bisa mlampah.
Bapak
sansaya ora karuan, yen bengi ora turu nanging yen wis krungu adzan shubuh
bapak langsung saged turu. Nggal wengi bapak ora bisa turu merga bapak ngombe
obat kang bisa nggawe pipise lancer lan sukune mboten gedhe-gedhe, yen bapak
ora ngombe obat kuwi sikile gedhe-gedhe merga ginjale wis wiwit ora berfungsi
maneh. Jebule tenan bapak wis kena ginjale. Wulan iki jebule wis wulan puasa
utawi wulan Ramadhan, seminggul bapak puasa terus lan sawise bapak mlebu RS
merga bapak kumat-kumatan nanging neng
RS uga ora ana perubahan akhire bapak digawa balik, bapak sedina-dina
kumat terus lan sakaratul maut lan wulan
puasa iki ora seneng merga bapak kaya kuwi.
Rong
dina sadurunge bada bapak mari total ora tau kumat malah bapak ngrewangi aku
lan ibu nggawe lepet kanggo ngko dong bada, aku lan ibu seneng ora karuan weruh
bapak mari lan bapak bisa ngguyu bisa seneng. Aku lan mbahku lung menyan desa
kaliprau merga neng kana ana sedulurku kang lagi hajatan. Aku tekan omah jam 7
bengi, bapak jaluk dipejit jare awake pada lemes lan pada lara. Aku mijeti
bapak sedhela lan aku metu doaln amrang umahe simbah. Wis jam 9 aku mulih bali
marang omah, bu bapak pundi? Kandhaku marang ibu kang lagi nonton tevelisi,”.
Wis neng kamar jare arep sare”. Ngana kandhane ibu. Aku mlebu kamar lan arep
turu, aku turu jam 9 lan aku nembe ngliyep lan ibu nangis karo njerit, aku
tangi lan jebule bapak wis ora ana, aku ngundangi simbahku lan tanggaku kanggo
mastike bapa, jebul iya bapa wis ora ana, aku nangis nggerung-nggerung aku ora
trima bapak secepet kue dijukut. Wengi kuwe kemlawut ora karuan akeh wong kang
padha nangis. Wengi kang kumlawut kuwi dadi saksi nalika bapakku dijukut sing
kuasa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar