Ngleluri
Kabudayan Jawa
Religius
lan Tansah Nuju Karyenak Tyasing Sasami
Yen diringkes adhedhasar
andharanesawenwh budayawan jawa, sutresna budaya jawa lan nimpuna babagan
kabudayan jawa, manungsa sadurunge nindakake pakaryan tansah nengenake eling
karo sing gawe urip. Sipat iki mujudake ciri ngluhurake Gusti Allah Kang Akarya
Jagad. Bab iki kang diarani sipat religious. Lan yen ing jaman modern iki
religiositas ana sing kawengku tradhisi lan agama.
Kabeh cipta, rasa lan karsa, uga
kabeh sikep utawa sipat, wicara tumindake manungsa tansah sumendhe marang
panguasane Gusti Allah. Babagan iki kawujud ing paradigm urip mamayu hayuning
bawana. Ciri liyane, manungsa tansah ngedohi cocongkrahan sing asipat pribadi,
katutup utawa tinarbuka, kejaba yen panci ditantang. Manungsa kuwi luwih milih
ngalah lan ngalih. Lagi ngamuk yen wis kadhesek temen-temen. Kanthi mangkono
manungsa kuei ing cara mikire tansah nengenake bedhamen lan rasa tentrem.
Manungsa uga tansah nengenake
bebuden luhur sing beblese ing wujud kesusilaan lan tata karma. Ing urip
padinan, ing kulawarga apa dene ing bebrayan agung manungsa ora seneng
rame-rame. Tegese, apa sing ditindakake sawenehing pawongan ora prelu kawruhan
dening wong akeh. Tanpa kawruhan, kabeh tumindake pawongan mau bakal dilakoni
kanthi mantep.
Ing babagan batin,manungsa kuwi
tansah nengenake laku, lagi ilmu. Tegese, wong urip kuwi kudu nengenake
tumindak, laku, utawa praktik tinimbang wicara utawa wacana. Saka, rerangkene
laku, manungsa bakal nggayuh ilm. Sikep utawa sipat batin kang mangkene iki uga
kasengkuyung dening cara mikir sing asipat momot.
Lelandhesan sikep momot kamot utawa
akomodatif iki manungsa gampang srawung karo budaya liya lan ora gigrig nalika
weruh asil budaya liya. Kepara manungsa kuwi bisa nampa samubarang kang anyar
saka budaya liya. Mung wae kabudayan mau samengkone tetep bakal dipilah lan
dipilih endikang murakabi tumrap urip lan panguripane. Kanthi momot kamot,
manungsa ngiras pantes nambah kawruh anyar.
Cara mikir lan sikep batin kaya
mangkene iki bisa tinemu ing kabeh perangane bebrayan agung ing ngendi wae.
Emane, ing wektu-wektu pungkasan iki, nalika saperangan gedhe pawongan akeh
sing kayungyun marang budaya global lan nganggep budaya jawa kuwi jadul, ndadekake
cara mikir lan sikep batin mau dadi sok-sok kesilep, nanging tetep ana.
Ing jaman globalisasi iki, miturutku
piwulang luhur sing madhahi cara mikire wong jawa kuwi malah jumbuh banget karo
kaanan saiki. Lire, swasana urip ing sarwa materialistis, mubra-mubra, sarwa
kesusu lan sapituture iki bisa dikendhalani kanthi cara mikire wong jawa.
Tekaku mrene, mandeg pagelaran Wayang Wong Sriwedari, ing sela-selaku
silaturahmi karo sedulur sing isih dedunung ing Sukoharjo, uga kanthi pangajab
kanggo ndhudhah kawicaksanan warisan leluhur, ya leluhurku sing jawa kuwi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar