Ngleluri Kabudayan Jawa
Mangun Kapribaden Luhur
Kapribaden lan tindak tanduk solah bawaning
tiyang Jawa menika saged dipunperang ing tiyang tataran, inggih menika nistha,
madya, lan utama. Kepribaden ingkang nistha tegesipun asor utawi andhap.
Ingkang dipun kajengken menika tindak tanduk ingkang dipundhasari dening sipat
melikan utawa utawi pengin ndarbeki ingkang sanes hakipun, dahwen, open iren
lan panasten. Menawi tiyang utawi sok sintena anggadhahi watak menika, sampun
mesthi kemawon kados dene ingkang dipun ngendikakaken pujangga Ranggawarsita
ing serat Kalatidha pada 7: amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi … lan
salajengipun. Ing serat menika, Ranggawarsita nggambaraken jaman ingkang mboten
sae amargi para manungsa sami asikep culas, drengki, srei, lan murka kados
ingkang sampun kasebat.
Ananging kosok wangsulipun, kangge ngadhrpi
jaman ingkang kirang mikantuk menika, tiyang Jawa kedah nggadhahi lan nindakake
watak ingkang utawa, netepi pangandika tegesipun nindakaken jumbuhing patrap
lan pangucap serta dipunkantheni raos ikhlas, lila legawa. Sajatosipun,
saumpami tiyang Jawa menika ing pasrawungan miturut lungguhing tata karma ing
pacelathon, tartamtu sampun saged damel guyub, rukun, boten wonten congkrah lan
pasulayan.
Sipat ingkang kalebet nggambaraken paugeran
ngagesang prayogi, inggih menika ingkang saged nuwuhaken raos lan pangraos
sejatosipun gesang, lan saged nedahaken jati dhiri dhateng tiyang sanes jumbuh
kaliyan kalenggahanipun. Tiyang Jawa tansah mersudi lan tanggel jawab, kurmat
dhateng tiyang sanes, lan andhap-asor. Manungsa sampun ngantos nggadhahi sipat
adigang, adigung, adiguna. Sipat kala wau kedah tansah dipun gatosaken lan
dipunugemi. Tiyang sampun ngantos rumaos langkung kiyat, langkung kuwaos,
langkung pinter, kepara kedah, sing bisa rumangsa, lan aja rumangsa bisa. Giri
lusi janma tan kena ingina.
Pangajab, inggih awit kathahing
kadadosan ingkang sampun singular saking pitedah lan kaluhuraning budaya bangsa
wetanan, pramila budaya jawa mliginipun unen-unen ingkang gumathok lan
anggadhahi pikajeng mligi lan luhur sarta sipat ingkang sanyata adi luhung
menika kedah dipunrasuk mrih sajiwa anyarira dhateng sedaya warganing bebrayan.
Menawi sedaya warganing bebrayan ing pasrawungan tansah nengenaken dhateng
tumindak kautamen, nebihi watak kanisthan, ing donya menika mesthi badhe tansah
tentrem, ayem, aman lan sentosa boten wonten dredah, jer sedaya tiyang tansah
amemangun karyenak tyasing sasama lan tansah memayu hayuning bawana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar