KIRTI
NJUNJUNG DRAJAT
( dening : R. Tg. Jasawidagda )
Nalika ana ing sepur jurusan Semarang-Yogyakarta,kang liwat
ana ing Surakarta, ing sawijining gerbong kelas telu, kanggo wong jawa kang ora
patiya kebak penupange. Ana sawijining kulawarga kang saka cara panganggone
nuduhake yen kegolong wong cukup. Yaiku Darba (paragatama) lan wong tuwane
lanang wadon. Dene ing ngarepe, ana penumpang kakung karo abdine lanang siji,
kang nitik penganggo lan patrape, nuduhake sawijining priyayi. Ing kono uga ana
kadadeyan kang ngagetake Darba, ngenani Mas Bei Mangunripta (makili patrape
saperangan priyayi) kang karo patrape katon ngremehake marang sapepadha, klebu
marang bapake (Ki Mas Nayapada). Apa maneh marang wong cilik, kayadene
saperangan gedhe penumpang sepur kelas telu, gerbong wong jawa. Paragatama
manoni dhewe nalika Mas Bei Mangunripta, priyayi kang umuk wibawa mau, dipeksa
“mudhun”wibawane dening kondhektur Landa kanthi dilungguhke jejer karo kawula
lumrah. Tumrap darba, kadadeyan mau nandhani yen wibawa priyayi iku mung
winates ing sapepadhane, ora marang pakaryane. Mas Bei, kang maune umuk iku
saiki wis ora duwe daya, merga dheweke ngremehake aturan numpak sepur.
Ana ing acarane Mas Demang Karyabau iya gedhe-gedhean amarga
mantune yaiku Raden Mas Uger-uger, putra keponakan Bupati patuh, lurah saka Mas
Demang Karyabau. Ing acara iku, Mas Bei kang gumedhe lan seneng umuk iu uga
dilorog maneh wibawane dening Mantri Onder Distrik, kang ing pasamuwan
disepelekake.
Cerita iki kadadeyan ing jaman walanda, darba njurung mikir
jero, utamane ngenani pangaji-aji kang didarbeni priyayi, kang ora didarbeni
dening dudu priyayi, upamane sodagar, tani, lan tukang. Miturut nalare Darba,
ajine uwong iku dumunung marang pagaweyan lan kapinterane kang sabanjure banjur
ndunungake pakerti. Yen para sodagar, tani, lan tukang gelem sinau, sarta gelem
srawung jembar, uga bakal dhuwur ajine ( dhuwe arti) lan akeh dhuwite.
Wiwit iku, Darba dadi luwih sregep anggone maca layang kabar
lan kalawarti basa jawa minangka sarana njembarake kawruh. Dheweke malah banjur
ndarbeni krenteg arep nyoba nulis pawarta, utawa urun rembug ing layang kabar,
kanthi jeneng singlon. Darba senajan nganggo jeneng sesinglon ing karangane,
dheweke dikenal ing pamaos akeh. Kemajuan saking Darba ora mung ing pagaweyan,
ananging uga ing pasrawungan Budi Utomo.
Kadadeyan novel iki yaiku antarane tahun 1903-1908.
Informasi kasebut diarah njembarake kawruh pamaos kang wektu semana durung
jembar maose. Cerita dipungkasi nalika darba lara kang madal tamba banjur tiba
ing patine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar