Jumat, 08 Januari 2016

SINOPSIS NOVEL TILAS BUWANGAN NUSA KAMBANGAN



            Desa Ajibarang iki panggonane gadis desa sing jenenge Sri Martini sing dadi idaman. Sri Martini kuwi ayu tur anake wong sugih sing duwe kebon kopi akeh. Sri Martini kuwi putra tunggale Bapak Suwondo. Sri Martini duwe pacar sing jenenge Basuki, nanging Basuki diasingna menyang Nusa Kambangan merga Basuki konangan anggone mbela negara. Akhire Sri Martini arep dijodohake karo R.Pangat, nanging Sri Martini ora gelem, Sri Martini tetep tresna karo Basuki sanajan Basuki saiki ing Nusa Kambangan. R.Suwondo iki wong sing uripe serba kepenak nanging R.Suwondo pelit anggone nolong wong. Wis saminggu iki gubug ing kebon kopi kuwi ana wong sing nyalawadi, Sri Martini methik mawar ana ing kebon kopi malah dicegat dening R.Pangat lan gon ngelayani R.Pangat mau, nanging ana wong kang nyalawadi mau kang nulungi. Wayah jam aepuluh bengi wong nyalawadi mau marani omahe R.Suwondo jebul wong nyalawadi mau yaiku Basuki. Desa Ajibarang biyen tentrem ora ana sing nganggu nanging saiki wis ora tentrem maneh, gerombolan D.I wis mlebu ana ing Desa Ajibarang. Omahe pada diobong, banda dicolongi lan wong wadon pada digawani lunga, Sri Martini ya digawa lunga nanging ana Basuki kang nulungi banjur ora sida didadikna pelempiasan nafsu.
            Basuki lan Sri Martini banjur mbojo nangin Sri Martini ditinggal Basuki merga Basuki kudu perang, Basuki weruh ana gadis sing digawa menyang njero alas, Basuki langsung ngejar lan nulungi, Gadis kuwi jenenge Erna, merga Erna wis ora duwe wongtu maneh akhire erna dijak balik menyang markas lan gerombolan mau ana sing kecekel jenenge Achmad. Kiwa tengene peteng, alas iki kalebu alas gedhe. T.N.I lan achmad nulungi goleki ibune erna. Ing Kubangnandua iki Erna lan ibue bisa ketemu. T.n.i mau dicegat pemberontak lan pasukane basuki mati loro lan basuki uga digawa marang markas pemberotak mau, Erna lan ibu kresnaadi weruh kedadeyan mau lan langung ngendika marang T.n.i sing ana neng markas mau. Akhire markas pemberontak dikepung t.n.i lan ternyata basuki saiki wis picek ora weruh maneh amerga matane ditubles. Awit kedadeyan kuwi Erna bakal ngrawat Basuki lan gelem dadi bojo ke lorone, akhre Sri martini setuju lan erna dadi bojo ke loro basuki, basuki lunga menyang yogya merga pengen bisa mijet an liya-liyane. Neng kampung tegalrejo selatan purwosari kelurahan sondakan iku kampung sing gedhe. Neng desa tegalreho rt.iii kuwi ana umah kang sederhana madep ngidul. Iku omahe Basuki si tukang pijet syaraf kang kondhang kang nduwe bojo loro.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar