KAWRUH
BASA
Unggah-ungguh
Basa
Salebeting
urip bebrayan iku mesthi mbutuhaken pambiyantu wong kiya. Mula wis lumrah yen
awake dhewe kudu gellem sesambungan karo wong liya. Sarana kang dianggo
sesambungan yaiku basa ana ing basa Jawa dikenal unggah-ungguh basa, yaiku basa
ngoko lan karma. Menawa para putra
guneman marang sapa bae, kudu ngetrepake unggah-ungguh basa kanthi trep.
Unggah-ungguhing Basa Jawa ing
jaman modheren kaperang dadi 4, yaiku:
1.
Basa Ngoko
a. Ngoko
Lugu
b. Ngoko
Alus
2. Basa
Krama
a. Krama
b. Krama
Alus/inggil
Katrangan
1. Basa
Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu iku wujud basane utawa
tembunge ngoko kabeh. Dadi gunane kanggo Guneman karo:
a. Wong
tuwa marang anak putune apa malih karo bocah cilik.
b. Marang
pada bae umure sing wis biyasa.
c. Dienggo
wektu lagi ngomong karo awake dhewek bisa nganggo batin utawa ngudar rasa.
d. Wektu
mangsa revolusi 45 sering kanggo pakumpulan saiki ora tau.
2. Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus / andhap iku basa
ngoko kecampuran karma inggil marang wong sing dijak guneman.
Gunane:
a. Wong
tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate.
b. Marang
pada umure mung durung akrab nemen. Saiki sanadyan (walaupun) marang sak umure
wis akrab ora ana alane nganggo ngoko andhap amarga ana rasa ngajeni.
c. Tuladhane
basa ngoko andhap
- Pak,…. Panjenengan dhahar dhisik
- Mas,…. Panjenengan
wis pirsa, menawa Jakarta banjir?
3. Basa Krama
Basa karma iku wujud
tembung-tembunge krama kabeh. Basa krama iku ngemu kaidah kesusilaan kanthi
rasa hormat marang wong sing diajak guneman.
Gunane:
a. Wong
sing nembe kenal
b. Wong
tuwa marang wong enom sing perlu diajeni
c. Wong
enom marang wong tua
4. Basa Krama Alus/ Inggil
Basa
krama Alus/ inggil iku basa sing ngajeni marang wong sing diajak guneman. Wujud
basane krama kecampuran krama inggil. Gunane kanggo guneman:
a. wong
enom utawa bocah marang wong tuwa/ pernahe tuwa
b. micara
ana sangarepe wong akeh utamane ing pakumpulan
c.
nyenyuwunan marang Gusti (donga)
d. anak
marang wong tuwane utawa simbahe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar