PARIKAN DAN WANGSALAN
1. Parikan
Parikan
yaiku unen-unen kang mawa paugeran telung warna. Paugeran-paugeran kasebut
yaiku:
1. Kedadean saka rong ukara kang dhapukane nganggo
purwakathi guru swara.
Tuladha: Jemek-jemek gula
jawa
Aja ngenyek Pada kanca
2. Saben saukara kedadean saka rong gatra.
Tuladha: Wedang bubuk
tanpa gula
Ja gampang ngantuk gelis
tuwa
3. Ukara kapisan arupa
gatra purwaka, dene ukara kapindho arupa gatra tebusan (isi/inti).
Tuladha: Kembang kencur,
tinandur tepining sumur
Sapa sing jujur, bakal
luhur lan makmur
2. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman (teka-teki) kang mratelakake wangsulane lan wangsulan kasebut dikatokake awujud samar-samar.
Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman (teka-teki) kang mratelakake wangsulane lan wangsulan kasebut dikatokake awujud samar-samar.
Jinis-jinise wangsalan
antawise:
a. Wangsalan Lamba
Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang isi batangane mung siji.
Tuladha:
Kowe aja jenang gula, aja lali
(Jenang gula iku glali, dadi batangane lali)
b. Wangsalan Rangkep
Wangsalan rangkep yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka
siji.
Tuladha:
Kawi gajah, kramaning watu
ing jarwa
Mesthi tetp, angugemi
pancasila
(kawi gajah = esthi, dadi:
mesthi)
(kramaning watu = sela,
dadi: Pancasila)
c. Wangsalan Memet
Wangsalan memet yaiku wangsalan sing cara
nggoleki tegesa tetembungan kanthi ambal
pindho.
Tuladha:
Uler-kambang, yen trima alon-alon
(uler-kambang tegese lintah. Wanda tah
salebeting tembung tah dianggep cekakan tembung satitahe kang tegese alon-alon)
d.
Wangsalan Padinan
Wangsalan padinan yaiku wangsalan kang
lumrahe ora mratelakake batangan sebab wong-wong wis Pada ngerti batangane.
Tuladha:
Roning mlinjo, yen wis sayah kena ngaso
(Roning mlinjo = so, dadi batangane ngaso)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar