Geguritan
Masyarakat Jawa wis kenal geguritan (puisi)
kawit jaman kuna-makuna. Ing jaman masyarakat migunakake basa Jawa kuna wis
dikenal wujud geguritan sing diarani kakawin. Wujud prosane sinebut purwa.
Rikala ing jaman basa Jawa tengahan utawa jaman Majapahit, geguritan katelah
kidung. Ing jaman Mataram tekan jaman Surakartanan, geguritan katelah tembang,
wujude tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik utawa Macapat. Ing
jaman kamardikan rikala taun patang puluhan limanan ana geguritan ning beda
banget karo geguritan jaman saiki sing bebas wujude. Jaman patang puluhan
geguritan biyasane kawiwitan saka tembung sun nggegurit.
Geguritan kuwi apike dirungokake. Amarga
miturut ahli sastra Roman, Ingarden, geguritan kuwi ibarate kaya dene kue
lapis. Miturut Riffaterre, geguritan ibarate kue dhonat.Lapis sepisan kuwi uni
utawa swara, mula apike geguritan kuwi kududiwaca. Ana bab-bab kang wigati lan
prayoga disetitekake nalika maca geguritan, yaiku bab teknis lan nonteknis.
Bab nonteknis kayata nggatekake panggonan
pamaca. Tuladhane ing ruang ngendi, pira sing ngrungokake, ana ing jaba utawa
jero ruangan. Bab iki penting kanggo nemtokake seru lan orane swara. Kapindho
nyetitekake para pamirsa nalika maca. Tegese nggatekake cacahe pamirsa kang ana
ing jero ruangan, rame lan orane sing padha guneman, kanggo nemtokake
konsentrasi lan ngajab para pamira migatekake pamacane geguritan.
Bab teknis sing perlu digatekake, yaiku
sadurunge maca kudu mangerteni surasane geguritan. Carane kanthi maca batin
murih mangerteni surasane. Kapindho nggoleki tembung-tembung sing digunakake
kanggo ngemot surasane geguritan. Tembung-tembung mau sing tundhone kawaka
kanthi tekanan utawa stre. Sabanjure maca kanthi tembung-tembung kang cetha
(lafal) lan jeda kang trep adhedhasar surasane tembung, kang ngemot teges.
Tegese jeda pamacaning geguritan ora sakepenake nanging adhedhasar satuan semantik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar