Mbiyen ana santri sing lagi mlaku
neng pantura, tapi santri kue di pateni neng pantura lan jenazahe di buang neng
karangan kosong. Neng sebelah lore karangan kosong kue ana laut lan ana wong
sing lagi luruh iwak. Wong sing lagi luwuh iwak kue weruh geni neng karangan
kosong kue, li uwong sing lagi luruh iwak kuwe marani jebule geni sing mau
weruh kue santri sing kas dipateni. Wong ing luruh iwak nduwe ati melas marang
jenazahe akhire jenazah kuwe pan dikubur, wong kang luruh iwak kuwe utawi
bahasa tegale wong mayang pan nyilih pacul neng desa saiki arane Desa Kramat,
tapi ora ana wong kang nyilihi pacul.
Wong
kang luruh iwak utawi wong mayang kuwe ana sing balik marang desane dewek
njukut pacul soale wong neng desa kang saiki desa kramat ora ana wong kang
nyilihi pacul. Wong kang luruh iwak utawi wong mayang kuwe wis njukut pacul lan
ngubur jenazah kuwe. Akhire santri kang dikubur diarani mbah kramat. Wong desa
kramat kang luruh iwak utawa wong mayang kang luruh neng laut kramat ora bakal
olih iwak, tapi wong sing dudu wong desa kramat kang luruh iwak neng desa
kramat mesti olih akeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar