BANCAK
– DHOYOK
A.
Alesan milih bab bancak-dhoyok
Alesaan milih bab iki amarga kepengin mangerteni
apa iku bancak-dhoyok lan kepriye isine bancak-dhoyok. Ing bab bancak-dhoyok
ana pokok-pokok bahasan kang kudu dimangerteni kayata bab kawruh basa sing
dibagi ana loro yaiku negesi tembung lan dasanama. Sakliyane kawruh basa ana
empan-mapaning tembung, paramasastra lan kasusastran. Pokok bahasan kasusastran
njlentrehake bab ngenani apa iku wangsalan lan warni-warninipun wangsalan.
Menika bab bancak-dhoyok kang isine njlentrehake bab wangsalan kanthi runtut
sing kudu disinauni lan dimangerteni.
Sanajan lagi ngerti lan maca bab
bancak-dhoyok nanging bab iki ana daya tarike dewe. Pertama maca ora mudeng apa
sing dimaksud nanging sawise maca nganti mburi rada mudeng sanajan durung
mudeng temenan. Mangkana kuwi kepengin nyinau bab iki ben sansaya mudeng lan
dadi mudeng temenan.
B. Tema kanggo bab iki lan alesan
milih tema
Tema
sing trep kanggo bab bancak-dhoyok yaiku budaya jawa, amarga bancak-dhoyok
nduweni teges nylameti bayi lahir. Budaya jawa jaman mbiyen iku pancen isih
kenthel karo tradisine. Beda karo jaman saiki sanajan isih akeh wong sing
ngetrepake budaya jawa nanging ya ora sitik sing ninggallake budaya jawa. Sanajan
budaya jawa akeh perangane, nylameti bayi sing lagi lahir iku tetep iseh ana
nganti saiki. Budaya nylameti bayi lahir iku tujuane kanggo ngucapake syukur
kang wis diwenehi keturunan lan pangerepe ugi pandongane ing slametan kuwi
muga-muga bisa dadi anak sing bener, pinter, lan bekti marang wong tuane. Menika
tema kang trep kanggo bab bancak-dhoyok.
C.
Keluwihan lan kekurangan
1. Keluwihan
Ing bab bancak-dhoyok nduweni keluwihan, ing bab iki
ora mung mbahas bancak-dhoyok nanging bancak-dhoyok iku klebu wangsalan. Nah
ing bab iki dijlentrehake ngenani wangsalan lan warna-warnane wangsalan. Ing
ngisor iki panjelasane wangsalan kang ana ing bab bancak-dhoyok :
v Wangsalan
iku tembung utawa ukara cangkriman, batangane ana ing bagian mburi, mung
dicangking sawanda.
Tuldhane : Jenang gula, aja la- LI
Wangsalane : Jenang gula
v Warna
– warnane wangsalan :
1.
Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi
batangane siji
Tuladhane
: Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
2.
Wangsalan rangke (wangsalan camboran) yaiku wangsalan kang isi batangane luwih
saka siji.
Tuladhane
: Petis manis (kecap), sarine kaca benggala (banyu rasa). Aja ngucap yen durung
weruh ing rasa.
3.
Wangsalan memet yaiku wangsalan kang carane
nggoleki batangane sarana ngonceki maksude tetembungane ambal ping pindho.
Tuladhane : Uler kambang, yen trima alon-alonan bae.
4. Wangsalan padintenan
yaiku wangsalan kang digunakake minangka pacelathon ing saben dinane,
mula ana sing nganggo nyebutake batangane la nana sing tanpa batangan, amarga
wong-wong sing padha krungu/maca wis ngerti maksude (batangane).
Tuladhane : Njanur
gunung, kadingaren gelem mampir!
5. Wangsalan edi – peni
yaiku wangsalan kang mawa paugeran.
Tuladhane : Tepi
wastra, wastra kang tumrap mustaka.
2.
Kekurangan
Ing ngarep dewe bab bancak-dhoyok
ora diwenehi panjelasan apa kuwi bancak-dhoyok dadi wektu pertama maca rada
bingung lan bab kang njlentrehake ngenani wangsalan kurang komplit. Bahasane
rada angel dipahami.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar