Paugeran lan Basa Ing Tembang Pangkur
Saben tembang iku duwe paugeran utawa
pranatan dhewe-dhewe arupa: pada, guru gatra, guru lagu, guru wilangan.
Pranatane tembang pangkur ora padha pranatane tembang sinom. Semono uga tumrap
tembang-tembang liyane. Mula saka iku, pranatan ing sawijine tembang ora bisa
lan ora kena diijol-ijolake. Saliyane pranatan mau, sejatine ana uga ugeran
utawa pranatan liyane kan ora kulina dirembug, yaiku guru sastra. Bab panugeran
mau, diterangake ing ngisor iki.
1.
Pada
ing basa Indonesia diarani bait, yaiku cacahe larik (Indoneia : baris)saben
sapada tembang.
2.
Guru
gatra utawa kena diarani gatra, yaiku larikan (Indonesia: baris) sajrone
tembang sapada.
3.
Guru
lagu yaiku tibaning swara vocal/ menga (a, I, u, e, o) ing wanda pungkasane
gatra. Ing basa Indonesia diarani persajakan, nanging ing kene mung dijupuk
swara vokale wae.
Tuladha :
·
Angkara
(a) = arane guru lagu nglegena
·
Siwi
(i) = arane guru
kagu wulu
·
Kidung
(u) = arane guru lagu suku
·
Sinukarta
(a) = arane guru lagu nglegena
·
Luhung
(u) = arene guru lagu suku
·
Jawa
(a) = arane guru lagu nglegena
4.
Guru
wilangan yaiku cacahe wanda (Indonesia : suku kata) saben sagatra
Ming/kar
ming/kur/ing/ ang/ka/ra / = 8
a/kar/ra/na/ ka/re/nan/ mar/di/ si/wi/ = 11
si/na/wung/ res/mi/ning/ ki/dung/ =
8
si/nu/ba/ si/nu/kar/ta/ =
7
mrih/ kre/tar/ta/ pa/kar/ti/ning/ ngel/mu/
lu/hung/ = 12
kang/ tum/rap/ neng/ ta/nah/ ja/wa/ = 8
a/ga/ma/ a/ga/ming/ a/ji =
8
5.
Guru
sastra yaiku panggandhenge tetembungan kang kapener pedhotan sajrone gatra
supaya surasane tembung ora ilang. Tembung kang mesthine pedhot miturut
pranatan maca tembung macapat (4 wanda wiwitan mandheg), diwaca ora mandheg
ananging tetep wutuh kanthi cara swarane diseret.
Tuladha :
Si
pengung mo/ra nglegawa
Sangsayarda/
denira cacariwis
Ngandhar-andhar/
angendhukur
Kandhane no/ra kaprah
Saya elok/ alangka longkanganipun
Si wasis was/kitha ngalah
Ngalingi ma/rang si penging
Tembung no/ra, was/kitha, lan ma/rang ing
gatra 1, 4, 6, lan 7 diunekake kanthi swara diseret dadi no/ra, was/kitha, lan
ma/rang.
Sawijine tembang macapat iku bisa diarani
endah menawa anggone nembangake kepenak dirungokake. Swara kang kepenak iku
tegese anggone nembang leres lan laras. Diarani leres tegese tembang iku pener
utawa pas guru gatrane, guru wilangane, guru lagune, lan guru sastrane, dene
sinebut laras tegese anggone nglagokake pas lan jumbuh karo titilarase gamelan
jawa
Kajaba saka katrangan ing dhuwur, wong
nganggit tembang iku diwengku dening guru wilangan lan guru lagu. Supaya guru
wilangan lan guru lague jumbuh lan pener, kadhang kala panganggit kudu diowahi
sawijine tembung dadi tembung wangun liyane. Owahe tembung mau adhakane kanthi
cara mawuhi ater-ater, panambang, seselan, ngrangkep, dasanama, baliswara, lan
liya-liyane. Ing serat wudhatama pupuh pangkur iki, bisa digatekake pandhapuke
tembung satemah ngasilake karya sastra kang pinunjul. Ing pupuh pangkur iki,
saora-orane katemokake telung cara, yaiku nggunakake : seselan, purwakanthi,
lan tembung garba.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar