Jumat, 08 Januari 2016

SINOPSIS NOVEL IBU



Ibu
Dening
Poerwadhie Atmodiharjo
            Prawita nduwe bojo sing jenenge Minarni. Mirnani anake penjahit ing desa Paron. Uripe Prawita lan Minarni sederhana, malah uripe kecingkrangan. Esuk-esuk Prawita wis nggugah bojone arep ngomong deweke arep menyang ibune ing Ngawi nanging deweke arep mlaku ora ngganggo dhokar lan arep ngejak anake sing jenenge Lukita. Minarni ora ngolihi anggone kepengenane Prawita kuwi nanging minarni ora bisa apa-apa merga Prawita wis ora tau menyang ibune kuwi merga Prawita karo minarni biyen ora di restui anggone ngantenan. Minarni ora tega yen Prawita lunga ora gawa duit akhire Minarni nyanguni Prawita merga Minarni melas yen Lukita kepengen apa-apa ana ing dalan  ora kelakon nanging Minarni percaya karo Gusti kang Maha Agung. Wis tekan Ngawi Lukita rewel akhire mampir marang warung tapi pas Prawita arep mbayar ora gelem merg sing duwe warung iku ngerti yen Prawita kuwi anake Bendara, Prawita tekan omahe mbok Jiami, Mbok Jiami kuwi sing ngrawat Prawita biyen. Prawita karo Mbok Jiami crita pas cilikane Prawita biyen, sauntara Minarni lan ibune (mbok Marta Ranti) cerita tentang Prawita. Minarni ngrungokake ibune kang cerita tentang Prawita. Mbok Marti Ranti nyalahake Minarni merga biyen Minarni ora gelem ngantenan karo Sumitra Nangkareja. Yen Minarni gelem ngantenan karo Sumitra, mungkin uripe mulya. Nanging, Minarni tetep mbela bojone lan ora gelem ngantenan karo Sumita. Apa meneh Sumitra seneng poligami. Jare Minarni seneng ora bisa diukur nganggo duwit nanging seneng lan tentreme ati. Biyen Prawita lan Minarni kanca sekolah ning Taman Siswa. Prawita sering dolan marang omahe Minarni. Mbok Marti Ranti wis ngerti yen Prawita tresna karo Minarni. Minarni nrima lamaran Prawita nanging Prawita nglamar dewe lan ora dikancani wong tuane. Prawita lan Minarni duwe anak 4 nanging tetep wae uripe kecingkrangan, mula iki sing gawe mbok Marta Ranti melas.
            Lukita seneng ana ing omahe eyange. Raden Ayu Bratapranata uga seneng ketemu putune. Nalika Prawita cerita karo ibune, Prawita kelingan biyen sekolah ing Europeesche Large  School. Nanging ora munggah pangkat Prawita pindah sekolah partikelir, Mardi Siswa. Bar kuwi nglanjutake ing Taman Dewasa Mediun, iki sing gawe Prawita kenal karo Minarni sing ana ing Taman Indri Yan. Prawita wis ora ning Paron nanging tetep kenal Minarni sampek asisten wedan Paron ngerti lan dilaporake marang atasane.Raden Mas Bratapranata ngumpulake anake yaiku Pramana lan Prasaja kanggo ngomong karo Prawita. Bapake Prawita ora sarujuk karo hubungane prawita lan Minarni merga Minarni dudu anake wong sugih. Wong tuane Prawita wis njodohake karo Sri Hastari, anake Jeng Sinder Panularan, nanging Prawita ora gelem lan milih Minarni anake penjahit desa Paron. Raden Ayu Bratapranata ngrasa melas marang Prawita merga uripe kecingkrangan. Prasaja lan Pramana nglarang Prawita ketemu ibune. Pramana pas kuwi lagi teka ing ngantenan karo bojone sing namane Rustiningsih. Prawita teka niliki ibune mula Pramana lan Rustingsih balik. Pramana lan Rustiningsih weruh ana bocah cilik sing lagi dolanan ing njaba. Pramana takon Mbok Jiami lan nyeneni Mbok Jiami lan bar kuwi Pramana nemoni Prawita uga nyeneni nanging Prawita dibela ibune terus Raden Ayu Bratapranata cerita lan ngei omongan marang anak-anake. Raden Ayu Bratapranata nenangake Pramana sing isih ora terima karo Prawita nanging bar dikei ngerti surat kang ditulis Prawita marang ibune Pramana dadi luluh atine. Sauntara diparon Minarni, Pak Marta Ranti lan Mbok Marta Ranti wedi karo Prawita sing ora teka-teka. Nanging ora suwi meneh Prawita lan Lukita balik. Prawita teka karo Raden Ayu Bratapranta, Pramana lan Rustiningsih. Bar kuwi Minarni bisa hubungan apik karo mertuane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar