Jumat, 08 Januari 2016

PITUTUR LUHUR



PITUTUR LUHUR
A. Alesan milih bab pitutur luhur
            Alesan milih bab iki amarga arep nyinau lan mangerteni bab pitutur luhur. Ing bab iki uga djlentrehake ngenani kawruh basa, dhapukane ukara, paramasasta lan kasusastran. Pokok-pokok bahasan iku penting yen arep nyinauni tentang pitutur luhur. Ing kasusastran uga dijelasakake ngenani kerata basa, sing ana sangkut paute karo pitutur luhur. Mangkana bab lan pokok-pokok bahasan kang ana ing bab pitutur luhur sing arep disinauni lan dipahami apa kang dijelasakake ana ing bab kasebut.
B. Tema kanggo bab iki lan alesan milih tema
            Tema sing trep kanggo bab pitutur luhur yaiku tindak-tanduke dadi wong jawa amarga ing jawa iku terkenal karo sopan lan aluse omongane. Ing bab iki dijelasake yen ngomong kuwi aja sembarang, yen omongane ala bakal kadadeyan sing ora becik. Nurute wong mbiyen omongan kuwi kaya dongo. Makane wong jaman mbiyen yen ngomong diati-ati banget aja nganti salah anggone ngomong merga yen salah bakal nemu kadadeyan sing ora dikarepake. Mboh kuwi wektune bakal cepet apa suwi bakal nemu. Dadi wong kudu bisa ngati-ati omongan lan ngati-ngati lakune.
C. Keluwihan lan kekurangan
     1. Keluwihan
        Ing bab pitutur basa uga nduweni keluwihan. Ing bab iki ora mung bahas pitutur basa nanging ana pokok-pokok bahsan sing penting kang kudu dimangerteni kayata negesi tembung, tembung pangiket, tegese tanduk kriyawantah lan ing pokok bahasan kasusastran iku dibahas ngenani kerata basa.
2. Kekurangan
        Sanajan nduweni keluwihan bab pitutur basa uga nduweni kekurangan. Ing bab iki kurang dijelasakake ngenani pitutur luhur iku dewe. Anggone njlentrehake kurang komplit kan kurang sae.

BANCAK DHOYOK



BANCAK – DHOYOK
A. Alesan milih bab bancak-dhoyok
        Alesaan milih bab iki amarga kepengin mangerteni apa iku bancak-dhoyok lan kepriye isine bancak-dhoyok. Ing bab bancak-dhoyok ana pokok-pokok bahasan kang kudu dimangerteni kayata bab kawruh basa sing dibagi ana loro yaiku negesi tembung lan dasanama. Sakliyane kawruh basa ana empan-mapaning tembung, paramasastra lan kasusastran. Pokok bahasan kasusastran njlentrehake bab ngenani apa iku wangsalan lan warni-warninipun wangsalan. Menika bab bancak-dhoyok kang isine njlentrehake bab wangsalan kanthi runtut sing kudu disinauni lan dimangerteni.
        Sanajan lagi ngerti lan maca bab bancak-dhoyok nanging bab iki ana daya tarike dewe. Pertama maca ora mudeng apa sing dimaksud nanging sawise maca nganti mburi rada mudeng sanajan durung mudeng temenan. Mangkana kuwi kepengin nyinau bab iki ben sansaya mudeng lan dadi mudeng temenan.
B. Tema kanggo bab iki lan alesan milih tema
             Tema sing trep kanggo bab bancak-dhoyok yaiku budaya jawa, amarga bancak-dhoyok nduweni teges nylameti bayi lahir. Budaya jawa jaman mbiyen iku pancen isih kenthel karo tradisine. Beda karo jaman saiki sanajan isih akeh wong sing ngetrepake budaya jawa nanging ya ora sitik sing ninggallake budaya jawa. Sanajan budaya jawa akeh perangane, nylameti bayi sing lagi lahir iku tetep iseh ana nganti saiki. Budaya nylameti bayi lahir iku tujuane kanggo ngucapake syukur kang wis diwenehi keturunan lan pangerepe ugi pandongane ing slametan kuwi muga-muga bisa dadi anak sing bener, pinter, lan bekti marang wong tuane. Menika tema kang trep kanggo bab bancak-dhoyok.
C. Keluwihan lan kekurangan
     1. Keluwihan
Ing bab bancak-dhoyok nduweni keluwihan, ing bab iki ora mung mbahas bancak-dhoyok nanging bancak-dhoyok iku klebu wangsalan. Nah ing bab iki dijlentrehake ngenani wangsalan lan warna-warnane wangsalan. Ing ngisor iki panjelasane wangsalan kang ana ing bab bancak-dhoyok :
v  Wangsalan iku tembung utawa ukara cangkriman, batangane ana ing bagian mburi, mung dicangking sawanda.
Tuldhane : Jenang gula, aja la- LI
Wangsalane : Jenang gula
v  Warna – warnane wangsalan :
1. Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangane siji
Tuladhane : Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
2. Wangsalan rangke (wangsalan camboran) yaiku wangsalan kang isi batangane luwih saka siji.
Tuladhane : Petis manis (kecap), sarine kaca benggala (banyu rasa). Aja ngucap yen durung weruh ing rasa.
3. Wangsalan memet yaiku wangsalan kang carane nggoleki batangane sarana ngonceki maksude tetembungane ambal ping pindho.
Tuladhane : Uler kambang, yen trima alon-alonan bae.
4. Wangsalan padintenan yaiku wangsalan kang digunakake minangka pacelathon ing saben dinane, mula ana sing nganggo nyebutake batangane la nana sing tanpa batangan, amarga wong-wong sing padha krungu/maca wis ngerti maksude (batangane).
Tuladhane : Njanur gunung, kadingaren gelem mampir!
5. Wangsalan edi – peni yaiku wangsalan kang mawa paugeran.
Tuladhane : Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka.
2. Kekurangan
                    Ing ngarep dewe bab bancak-dhoyok ora diwenehi panjelasan apa kuwi bancak-dhoyok dadi wektu pertama maca rada bingung lan bab kang njlentrehake ngenani wangsalan kurang komplit. Bahasane rada angel dipahami.





GAMBUH



1.         Alesan milih bab iki sabab bab iki kalebu tembang jawa utawa geguritan tradisional jawa lan bab iki uga ana ing jurusan basa jawa. Gambuh iku salah sawijining tembang kang isine ngandhut bab ajaran marang bocah nom. Gambuh iki mbahas kepriye carane hubungan karo antar manungsa.
            Gambuh iku kecocokan lan sikap kang wicaksana. Sikap kang wicaksana kuwi sing bisa nempatna apa-apa sing pas karo porsine utawa adil. Nasehat kang menehi wigatine sesambungan karo manungsa merga manungsa kuwi mahluk sosial sing ora bisa urip dewekan. Iki sing digambarna tembang gambuh iki.
2. Tema ing bab iki yaiku tembang kang ngandhut bab sesambungan karo manungsa
            Gambuh iki kalebu tembang jawa utawa geguritan tradisional jawa. Gambuh iku ngandhut bab kang sesambungan karo manungsa. Ing gatrane mesti nggambarake manungsa kang urip ing ndonya, kang nduweni sifat beda kayata sifat ing tembang gambuh iki yaiku sifat kang wicaksana. Ing tembang gambuh ana guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Ing gambuh ana lima gatra , guru wilangan lan guru lagu iku siji-sijia gatrane wis ana ing ngarep.
3. keluwihan lan kekurangane
            Kaluwihane ing tembang gambuh iki akeh pelajaran kang bisa dijukut kayata wong kang kudu nduweni sifat wicakasana lan kudu sesambungan karo manungsa merga manungsa kuwi mahluk sosial kang ora bisa urip dewekan. Kaluwihan ing buku iki yaiku materi kang mbahas tembang lan watak ing sajrone tembang gambuh iki wis lengkap, wis ana kabeh tentang tembang gambuh iki.
            Kekurangane ing buku yaiku mbahas bab selaine tembang gambuh iku, dadi anggone maca ora fokus marang tembang gambuh iku dhewe. Tembang gambuh iku uga ora njlentrehake bab kawicakasanaan sing kaya apa lan kudune manungsa kuwi kepiye anggone sesambungan karo manungsa liyane.

KINANTHI



1.         Alesane milih bab iki sabab bab iki nduweni kandungan kang ana ing mata kuliah lan bab iki uga ana sangkutane karo jurusan basa jawa. Bab iki uga mbahas urip ing ndonya awit jabang bayi sing isih abang nganti dadi wong diwasa kang dikanthi-kanthi wongtuane sabab oleh anugrah lan berkah saka Gusti Kang Maha Agung.
             Anak kuwi kanggo tumpuan lan harapan. Wongtua kudu njaga anak lan mbimbing dadi wong kang bener. Kinanthi uga salah sawijining tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng, katresnan lan kawicaksanaan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanthi kanggo wanita kang lagi diwasa.
2. Tema bab iki yaiku tembang kang ngandhut sipate manungsa
            Sabab tembang kinanthi iki kalebu tembang macapat utawa geguritan tradisional jawa. Tembang macapat iki ana wiwit akhir kerajaan Majapahit lan wiwit ana walisanga. Tembang kinanthi iku tegese ginandheng (digandheng). Diarani tembang kinanthi sabab cakepane tembang iku kena ginandheng enggo nggerongi prasaat kabeh gendhing, kayata dienggo nggerongi gendhing : Sandhung, Puspawarna, Srisinuba, Sriyatna, Sriwidada, Srikarongrong, Pawukir, Teplek, Gambirsawit, Boyong, Subakastawa, Sriutama, Srikastawa, Genjonggoling lan isih akeh liya-liyane maneh.
3. keluwihan lan kekurangane
            Keluwihane yaiku ing buku iki wis dijlentrehake bab-bab kayata kawruh basa, dasanama, krama inggil panganggo lan piranti, dhapukaning ukara, paramasastra, lan kasusastran. Ing buku iki wis ana guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Buku iki wis lengkap kabeh.
            Kekurangane iku bisa menehi manfaat kanggo manungsa, nanging ing buku ora ana manfaat tembang kinanthi kanggo manungsa lan ora dicritakake asal mulane tembang kinanthi iku saka endi, apa sing miwiti tembang kinanthi kuwi ana.


MIRAS GAWE BUBRAH



Miras Gawe Bubrah
            Rabu, 29 April 2015 aku nganakake wawancara marang Ade (jeneng samaran). Aku wawancara Ade ngenani “Miras”. Miras kuwi minuman sing duweni kandungan etanol. Etanol yaiku bahan psioaktif lan yen kakehan ngonsumsi marakake nurunke kesadaran. Ing kabeh negara sing adol minuman keras dibatesi merga ing negara liya kuwi miras ora disalahgunakake kaya ing Indonesia. Miras sing ning luar negeri kuwi kanggo ngangetke awak nek pas musim atis. Beda karo Indonesia, yen Indonesia, miras kanggo ngilangake stres merga kakehan masalah kang wis mentok ora bisa nyelesekake. Wong Indonesia akeh sing nglampiaske masalah ning miras. Mulai saka remaja sampek wong tua. Kabeh doyang miras.
            Ade kuwi kancaku saiki kuliah ana ing salah siji universitas swasta ing Jawa Barat. Ade ket biyen SMA sampek saiki kuliah seneng ngombe sing jenenge miras. Merga mbiyen kanca-kancane seneng ngajak ngombe yen balik sekolah karo tongkrongan ana ing ngarep sekolahan. Sampek saiki kuliah malah sansaya banter ngombe mirase. Panyebabe Ade seneng ngombe miras akeh banget. Jarene yen ngombe miras kuwi awake enteng sanadyan sirahe yo ngelu nanging tetep wae dilakoni. Kanca-kancane yo seneng ngajaki Ade ngombe sampe sedina kadang ora mung sepisan. Apa meneh saiki kuliah, Ade ning kana ngontrak adoh karo wong tua. Ora ana sing ngawasi.
            Saiki Ade sansaya dugal merga ning kana bebas sak bebas bebase. Ade sering ngombe karo kanca-kancane merga tugase akeh lan angel. Ben pikirane enteng Ade nglampiaske ana ing miras. Nek wis bar ngombe miras esuke ora mangkat kuliah. Merga awake ora enak, efek sewengi mirasan karo kancane. Ade sering koyok ngono kuwi sampek kuliahe keteteran. Sering ora mlebu kuliah, tugase sering ora digawe. Tapi sing jenenge sekolah swasta kuwi gampang. Kabeh isa dituku karo duwit. Dadi Ade yo gampangke kuliah. Wong ora tahu mangkat, ora tahu garap tugas tapi nyatane nilai kuliahe yo biasa. Ora njur ancur banget. Yo merga ana duwit kuwi. Soale Ade wong duwe. Dadi apa kebutuhane Ade yo dituruti.
            Kabeh apa sing dilakokake Ade kuwi merga terpengaruh karo kanca-kancane. Kancane ora ana sing bener. Ade wonge yo yahyoh. Senenge nek dijak sing ora apik gelem-gelem wae. Ade ora duwe tameng kanggo nahan ben ora melu kancane sing ora genah. Merga ket biyen wis biasa mirasan. Dadi kanggo berubah wis angel. Dikandani yo wis ora bisa yen ora sadar dewe.
            Wong tuane ora ngerti yen Ade ning kana ora genah, kuliahe yo ora bener. Nanging sing jenenge wong tua mesti krasa apa sing dilakokake anake senadyan ora ngerti apa sing dilakokake. Ade yo nyantai ora mikiri wong tuane sing wis biayai kabeh kebutuhne lan sakkuliahe. Sing dipikir mug senenge karo kanca-kancane. Kahanane Ade wis bubrah ora bisa dikontrol meneh. Bendina mung kayak ngono kuwi sing ditindakake.
            Kancane sing ora sak kontrakan karo Ade wis sering ngandani ben ora kaya ngono terus uripe. Mesake awak lan wong tuane. Nanging Ade ora nggagas nadyan kancane wis ngandani. Durung bisa mikir kedepane akibate kayak piye. Sing dipikir saiki mung seneng lan seneng. Wong tua sing duwe pangarep arep marang anak sing kuliah kuwi bisa dadi bocah genah terus bisa ngangkat derajate wong tua.
            Akibate wong sing seneng ngombe miras kuwi bisa dirasakake ora suwi let pirang menit wis ana rasane. Nanging rasane beda-beda tergantung akeh sitike kadar alkohole. Yen sitik bisa gawe rasa tenang lan gampang ngespreksike rasa emosi, sedih, lan ngamuk. Terus nek kadar alkohole akeh njur dikonsumsi luweh saka batesan, kuwi bakal ngrasa bebas tanpa ana rasa beban, luwih gampang emosi lan ngamuk. Fisike sing muncul, ngomong ora cetha, pandangane dadi burem, sempoyongan ora jejek pas mlaku, ora sadar. Daya ingate lan pusat perhatiane dadi ora genah karepe.