Senin, 07 Desember 2015

WARA-WARA

WULANGAN 1 SMA KELAS X
1. Wara-Wara
          Wara-wara yaiku salah sawijining sarana kanggo aweh sawijining pawarta marang wong liya sing mbutuhake informasi kang sifate wigati lan wujude miturut kabutuhan bisa lisan uga tulisan. Pariwara uga sinebut wara-wara, ngabari, menehi weruh utawa pengumuman. Wara-wara bisa dimangerteni nganggo maca utawa ngrungokake. Perangan-perangan kang kudu ana ing sajroning wara-wara antawise yaiku:

a   Sapa sing nulis wara-wara
b.    Apa isine wara-wara
c.    Katujokake marang sapa wara-wara iku
d.    Kapan wara-wara iku digawe
e.    kapan kagiatan di tindhakake
f.    Ana ing ngendi mapan.

2. Manut saka sipate, wara-wara kaperang dadi loro, yaiku:

 Wara-wara kang sipate resmi, yaiku wara-wara kang digawe kanthi resmi dening instansi, organisasi, utawa perkumpulan.
b.    Wara-wara kang sipate ora resmi, yaiku wara-wara kang digawe sawijining uwong, tuladhane wara-wara bab kelangan lan wara-wara ulang tahun.

3. Wara-wara kang sipate resmi nduweni ciri-ciri kang khusus, yaiku:

a.    Migunakake tembung-tembung kang baku.
b.    Saben ukara ana ing wara-wara migunakake makna utawa teges kang lugas apa anane.
c.    Ukara sing digunakake kudu jelas/cetha lan efektif.
d.    Migunakake kop surat utawa kepala surat kanggo identitas sing gawe
e.    Migunakake tembung “wara-wara” kanthi eksplisit.
f.    Nganggo nomer wara-wara ana ing sak ngisore tembung utawa tulisan “wara-wara”.
g.    Isi wara-wara ana telu, yaiku pambuka, isi, lan panutup.
h.    Menehi tanggal lan panggonan ana ngendi wara-wara digawe.
i.  Menehi jeneng (asma terang) lan tanda tangan (tapak asta) penanggung jawabe wara-wara (sing gawe wara-wara).

 





Tidak ada komentar:

Posting Komentar