APRESIASI DRAMA/SANDIWARA
Kasusastran
kang awujud: sandiwara, crita cekak, crita rakyat lan liya-liyane iku
sawijining seni kang adhedhasar wohing pangangen-angening pangripta. Gegambaran
lakuning crita bisa dimengerteni sapa: antawacane para paraga, saka solah
bawane utawa bebudene para paraga. Ing sandiwara prastawa bisa ora kedadean
temenan, nanging bisa saka pengangen-angening pangripta, nanging kudu nalar
menawa kedadean temenan. Budidaya ngrasakake kasil ing karya seni kasebut kang
kaaran “Apresiasi”. Dadi apresiasi sandiwara yaiku kagiyatan utawa mbudidaya
ngrasakake (menikmati) karya seni sandiwara.
Satemen
saben manungsa iku nduweni keprigelan bisa ngrasakake apa kang dirasakake wong
liya, kang diarani “daya empati”. Kanthi mangkana umpamane kita maca crita kang
lucu, kita bisa ngguyu, umpana kita nonton sandiwara kang ngeres, utawa sedhih,
kita melu ngrasakake sedhih, ya kang kaya ngono iku diarani “apresiasi” karya
seni sandiwara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar