Senin, 07 Desember 2015

SARASEHAN



SARASEHAN
Sarasehan yaiku awujud rembugan kang asipat umum, nduweni ancas kanggo ngrembug sawijing perkara kang dipimpin dening para ahli ( kayata guru besar, pakar lan sapiturute). Patemon ana ing sarsehan biasane diandarake dening juru wicara kang migunakake makalah utawa kertas kerja.
1. Unsur-unsur kang ana ing sarasehan
a.    Moderator yaiku wong kang mandegani lakuning sarsehan.
b.    Pemakalah utawa penyaji yaiku wong kang tugase gawe makalah lan ngandarake makalah ana ing sarasehan. Makalah yaiku karya ilmiah kang isine bab ngrembug sawijining perkara (masalah).
c.    Notulis yaiku kang nulis inti saka perkara kang lagi dirembug, kang kudu ditulis yaiku inti makalah, tanggapan panyarta, tamggapan penyaji, lan asile rembugan.
2. Proses Sarasehan
Langkah-langkah anggone numindakake sarasehan yaiku:
a.    Moderator mbuka sarasehan
b.    Moderator nepangake para petugas sarasehan
c.    Moderator njelentrehake bab kang pokok kang ana ing sarasehan
d.    Moderator nyumanggakake penyaji ngandarake makalah
e.    Moderator mandegani proses ngandarake panemu lan tanya jawab
f.    Notulis ngrangkum isi kang dirembug ana ing sarasehan
g.    Moderator ngandarake asil perimbugan ana ing sarasehan
3. Isi Rangkuman
Rangkuman kang ana ing sarasehan isine yaiku:
a.    Gagasan-gagasan pokok kang ana ing makalah
b.    Tanggapan-tanggapan saka panyarta
c.    Tanggapan saka penyaji
d.    Kesimpulan utawa dudutan kang diasilake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar