Senin, 07 Desember 2015

NYEMAK DRAMA



NYEMAK DRAMA/SANDIWARA
Miturut asal-usule tembung, drama saka aslae saka bahasa Yunani kang tegese gerak. Tontonan drama pancen nengenake pacelathon utawa dialog lan gerake paraga. Drama uga diarani sandiwara. Tembung sandiwara asale saka sandi lan warah kang tegese piwulang. Dadi sandiwara tegese piwulang kang diandharake kanthi sinandi utawa ora blak-blakan. Mula kang nonton terkadang ora bisa nglejah surasaning piwulang kang diandharake sadurunge sandiwara rampung.
Dene apik lan orane penta sandiwara bia dititik saka suasana lan acting paragane. Mula menawa nyemak sandiwara kudu nggatekake bab-bab acting, vocal, lan blocking.
Unsur-unsur sandiwara yaiku:
a.    Paraga yaiku cara pangripta nggambarake lan mbabar watak paraga ing sandiwara. Paraga dibagi dadi telu, paraga utama yaitu paraga sing dadi lakon ing crita, paraga kapindhpo yaiku paraga sing dadi mungsuh lakon ing crita, lan paraga ketelu yaiku paraga sing dadi panengahe paraga utama lan paraga kapaindho.
b.    Pacelathon (dialog)
Ana ing pacelathon utawa dialog kudu bisa nyukupi rong tuntunan yaiku:
1.     Dialog kudu nyengkuyung gerak lakuning tokoh
2.    Dialog kudu diucapake luwih banter lan tertib tinimbang pacelathon liya ana ing dhuwur pentas
c.    Alur (plot)
Alur yaiku gegayutane prastawa lan konflik kang derajut kanthi padudon kang nuju ana ing klimaks lan pambubaraning padudon. Alur iku dibagi dadi telu:
1.     Alur maju yaiku nyritakake prastawa-prastawa saka wiwitan nganti bubar.
2.    Alur mundur yaiku prastawa-prastawa saka bubaran banjur diwalik nyritakake prastawa kawiwitan.
3.    Alur campuran yaiku campuraning alur maju lan mundur.


d.    Latar
Latar yaiku katrangan babagan panggonan, ruang lan wektu kang ana ing naskah drama. Latar kepareng dadi telu:
1.     Latar wektu
2.    Latar panggonan
3.    Latar swasana

WACANA ARGUMENTASI



Nulis Wacana Argumentasi
Wacana utawa karangan, yaiku wujud tulisan kang isine jlentrehake pikiran lan perasaan panganggit nyawiji dadi tema kang wutuh.
Titikane wacana argumentasi :
a.          Menehi alesan utawa argument kang kuat
b.          Ing perangan panutup awujud dudutan
c.          Nginakake basa denotative
d.          Analisie temu nalar (adhedhasar bukti)
Langkah-langkah nulis wacana:
1. Nemtokake topik, tema, lan tujuane wacana
Tema yaiku pokoke pirembugan kang bakal dijlentrehake ing wacana.
2. Ngrumusake irah-irahan wacana
Irah-irahan yaiku jeneng kang diwenehake kanggo wacana utawa nduweni paedah dadi slogan promosi supaya nggugah kawigatene wong kang mca lan bisa uga ddadi gambarane idi wacana.
3. Gawe susuanan karangan wacana
Karangan wacana yaiku rencana kerja kang isine garis gedhene utawa intine wacana.
4. Ngumpulake dhata
Entuk data bisa kanthi cara maca bahan acuan nglaksanakake wawancara utawa pengamatan lapangan.
5. Ngembangake kerangka wacana
Ngembangake kerangka wacana bisa migunakake pola pengembangan urutane pemecahan masalah kang dibentuk saka elung bagian utama, yaiku:
a.    Deskripsi babagan sawijining masalah kang bakal dirembug utawa dijlentrehake.
b.    Analisis marang sebab-sebab utawa akibat-akibat saka masalah iku.
c.    Alternative-altrnatif utawa kasimpulan kanggo pamecahane masalah.
6. Cara panutup lan panyimpulan
a.    Penutup iku bagian wacana kang gunane menawa wacana iku wis rampung.
b.    Kesimpulan iku gunane kanggo panegesan (pemaknaan) marang panjlentreh-panjlentreh sadurunge.
7. Nyempurnakake wacana
Kang prelu digatekake penyempurnakake wacana, yaiku :
a.    Ide kang dijlentrehkake ing wacana wis trep apa durung.
b.    Sistematika panulisane wis bener apa perlu didandani maneh.
c.    Wacana iku ngaya wara utawa malah kecekaken.
d.    Basa kang digunakake wis apik apa durung.
e.    Irah-irahe wis trep apa durung.

APRESIASI DRAMA



APRESIASI DRAMA/SANDIWARA
Kasusastran kang awujud: sandiwara, crita cekak, crita rakyat lan liya-liyane iku sawijining seni kang adhedhasar wohing pangangen-angening pangripta. Gegambaran lakuning crita bisa dimengerteni sapa: antawacane para paraga, saka solah bawane utawa bebudene para paraga. Ing sandiwara prastawa bisa ora kedadean temenan, nanging bisa saka pengangen-angening pangripta, nanging kudu nalar menawa kedadean temenan. Budidaya ngrasakake kasil ing karya seni kasebut kang kaaran “Apresiasi”. Dadi apresiasi sandiwara yaiku kagiyatan utawa mbudidaya ngrasakake (menikmati) karya seni sandiwara.
Satemen saben manungsa iku nduweni keprigelan bisa ngrasakake apa kang dirasakake wong liya, kang diarani “daya empati”. Kanthi mangkana umpamane kita maca crita kang lucu, kita bisa ngguyu, umpana kita nonton sandiwara kang ngeres, utawa sedhih, kita melu ngrasakake sedhih, ya kang kaya ngono iku diarani “apresiasi” karya seni sandiwara.

SARASEHAN



SARASEHAN
Sarasehan yaiku awujud rembugan kang asipat umum, nduweni ancas kanggo ngrembug sawijing perkara kang dipimpin dening para ahli ( kayata guru besar, pakar lan sapiturute). Patemon ana ing sarsehan biasane diandarake dening juru wicara kang migunakake makalah utawa kertas kerja.
1. Unsur-unsur kang ana ing sarasehan
a.    Moderator yaiku wong kang mandegani lakuning sarsehan.
b.    Pemakalah utawa penyaji yaiku wong kang tugase gawe makalah lan ngandarake makalah ana ing sarasehan. Makalah yaiku karya ilmiah kang isine bab ngrembug sawijining perkara (masalah).
c.    Notulis yaiku kang nulis inti saka perkara kang lagi dirembug, kang kudu ditulis yaiku inti makalah, tanggapan panyarta, tamggapan penyaji, lan asile rembugan.
2. Proses Sarasehan
Langkah-langkah anggone numindakake sarasehan yaiku:
a.    Moderator mbuka sarasehan
b.    Moderator nepangake para petugas sarasehan
c.    Moderator njelentrehake bab kang pokok kang ana ing sarasehan
d.    Moderator nyumanggakake penyaji ngandarake makalah
e.    Moderator mandegani proses ngandarake panemu lan tanya jawab
f.    Notulis ngrangkum isi kang dirembug ana ing sarasehan
g.    Moderator ngandarake asil perimbugan ana ing sarasehan
3. Isi Rangkuman
Rangkuman kang ana ing sarasehan isine yaiku:
a.    Gagasan-gagasan pokok kang ana ing makalah
b.    Tanggapan-tanggapan saka panyarta
c.    Tanggapan saka penyaji
d.    Kesimpulan utawa dudutan kang diasilake